Gurit iki kanggo sliramu
Nalika sore ing pinggir bengawan
Wewayanganmu dumadakan teka
Ngglandhang angen nut ilining kenangan
Tresnaku tansaya ngrembaka
Datan leren ngronce panjangka
Nasak dalan rumpil kebak rubeda
Miyak alang-alang kebak eri carang
Nyabrang kali nglangkahi jurang
Ing wengi sepi sesuluh lintang
Aja banget sliramu tega
Ngrerujit ati garing iki
Singidana ing puthuke mega-mega
Isih setya tuhu anganti tekamu
Senajan mamgsa ketiga ganti warsa
Temeka mendhung tumelung ing akasa
Pengarepku mung siji
Pindha bun esuk nelesi ati
Sliramu dadiya sesulih getun kepati
Kang nggrenggani jroning batin iki
Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok ayu, 01.12.18
Tidak ada komentar:
Posting Komentar