Ati kang nandhang tatu
Saka landheping ukara biru
Mbedhoyot dadi sanggan atiku
Nalika mecaki lurung cilik iki
Dakcoba nglipur dhuhkita nala
Jumangkah ing dalan kenangan
Mbokmenawa wae isih ana esemmu
Sinungging ing antarane kembang arum dalu
Daksawang kelip lintang
Isih setya marang rembulan kae
Ning emane aku sing kijenan
tanpa sorot netramu kmas....
Kang biyen dadi obor aweh pepadhang
Sauruting dalan njumputi cuwilan crita
Binarung kembeng kembeng kaca
Ah...,
Dalan iki wis nugel tali katresnan
Senajan ta wis bakuh kayangapa
Ning kanyatan kudu daklilakna...
Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok ayu
101118
Tidak ada komentar:
Posting Komentar