Kamis, 24 Agustus 2017

WANI ANGAS UTAWA LADAK

WANI ANGAS UTAWA LADAK

~LADAK~
nate krungu tembung ladak napa mboten NGGIH..?.
Yen  teng nggen kula ladak kuwi artine wong sing nyengit tapi mung ana ing unine thog ora diwujudne ing kasunyatan
~ning ladak yen miturut kamus basa jawa artine~
 mengolok-olok(ngelokne)

lha terus sambungane apa karo tulisanku iki ya...
*NGATEN CRITANE
esuk iki mau aku numpak sepedhamontor arep budhal golek upa,ndilalah ing ndalan aku kebejong banyu sing ngecembong ing ratan.
wong sing njebong aku iki mau ketok'e ora njarag lan ora ngerti nek clanaku teles kebes saka ugal-ugalane nek numpak ora duwe ancer-ancer kira-kira banyu sing diterak kuwi ngenek'i liyan..
wahhh...spontan LADAKKU metu...haahaaa

+wwoooee...karepem piye numpak montor ora duwe aturan...(
(buanter nek ku protes) wedi wonge ora krungu...
lha ngono aku muk diplengak'i thok ..(jiayahhhh)
wonge isih ngawasi aku takterusne ladakku..
+medhun ..karepem piye delok iki klambiku...

Bareng krungu aku bengok karo tanganku diding-diding klambi
~dakman wonge malah ngacirrr..klambi
wedi yak'e aku macak nyengit..
(padahal lho asline umpama wonge medhun tenan aku ya wedi..hiks)
lha piye ora ana panas malah ditambahi clanane gupak linet saka banyu litrek-litrek..jall piye cah nom saiki ora duwe sopan
alahemmm...


**bocah nom saki ora duwe haluan piye apike dadi pengguna dalan sin apik.
Ngertine mung bisa sauger numpak wae..
Kudu ati-ati lho ya..ingkang kagungan putra putri sing durung cukup tregel bisa bebayani tumrap awake dhewe uga wong liya.

Bunda sahsa lestari
250817

Tidak ada komentar:

Posting Komentar