ANGKA TELULAS (13)
sebenere ana apa ta karo angka 13 kuwi,
Kok akeh wong wedi yen pas kanggonan angka 13,kaya wedi lan ora jenjem nalika pas nganggo kaos,nomer omah,nomer kursi..lsp.
Angka telulas (13) iku sakjane ya angka biasa sing dhumawah antarane angka rolas (12) lan angka patbelas (14).
Bocah cilik wae ya pinter yen mung ngitung siji tekan telulas, kanthi ndridhil, ora nganti nyilih drijine kancane utawa nganggo sempoa lan kalkulator
Ananging,ana sebagiyan wong sing ngarani utawa duwe kepercayaan jarene, angka telulas (13) iku ngemu pangerten sing beda karo tanggal-tanggal liyane sajroning sewulan.
Ana wong kang ora ngandel
bedane angka 13 lan angka liya-liyane.
~sing ora ngandel dayane angka 13 biyasane unine ngene...
“Ah,…angka iku
ya padha wae. Kuwi rak ya mung kanggo tenger itungan supaya ora lali ing tanggale,...
aja nggugoni sing mbatesi anggone kita mergawe utawa mbudidaya apa wae.
~beda maneh tumrap wong kang duweni kapercayan
bedane tanggal 13 lan tanggal liya-liyane.
Kanggo wong sing duwe rasa percaya lan ngugemi dayane lan kekuwatane tanggal 13,
mula tanggal 13 jarene nduweni kawibawan dhewe-dhewe.lan biyasane juweh menehi piweling marang kanca utawa kluwargane
“Awas lho,…
saiki tanggal 13. Sing padha ngati-ati, biyasane akeh nemu sial aja dibacutne utawa undur sesuk lak kena ta. kandhane wong mau kanthi mantep.
~bener apa ora ya mangga mbalik ing pribadhine dhewe-dhewe....
+~yen kula ya kadhangkala ya percaya yen angka 13 kuwi angka sial...lho kok bisa...
lha iki pengin andhok ing lesehan klothog padangan wae wis meh sak jam ngenteni pesenan durung metu-metu,
Apa pancen lali ta pelayane,
apa merga mejaku nomer 13 dadi ora ketok wis diliwati bolak-balik..sebelahku dhisik aku tekane kok wis dadi pesenane,aku ya protes nu hii..hii
sampek aku mara ana dhapure kono lagi dilayani...alahemm
angka TELULAS jebule ya tiwas
#percaya_gk_percaya
Bunda sahsa lestari
Sesingklon denok ayu / denok tary
240817
Tidak ada komentar:
Posting Komentar