Kamis, 24 Agustus 2017

TRESNA IKU UNIVERSAL


~jarene wong sing lagi nandhang tresna katresnan iku ora
nyawang umur, ora enom ora tuwa padha wae
..Ora lanang ora wadon ora ana bedane.,jaka apa dhudha ya padha wae.


Rasa pangrasa ing babagan katresnan kuwi angel dingerteni
Yen jarene bocah-bocah nom saiki
Jerene tresna kuwi universal.
Katresnan iku ora mung kanggo jaka karo prawan thok.
 Mula ora aneh yen ana wong bebojoan/rumahtangga wis puluhan taun banjur ngiwa, slingkuh, jalaran yaiku mau
“tresna iku wuta”.
Banjur kadhangkala nabrak-nabrak,
barang becik njur ditabrak,
nabrak pager ayu.
Kelorone wis ora eling kiwa tengen,ora eling anak bojo, malah
ana sing ora eling yen putune wis gemrayah....

haaayoooo...ngakuu heeeeeee.
.(karo nata kaca mripat sing meh ceblok..ihikk)


Wong seneng ora kurang pengalem
Wong gething ora kurang panacad
Wis lumrah kuwi..
Hubungan sing sauntara suwe pancen kadhang ana godha
Yen ora kuwat iman bisa.... ngglempang keterak prahara

Bismillah...Slaman slumun slamet


Bunda sahsa lestari
240817

Tidak ada komentar:

Posting Komentar