Rabu, 05 Desember 2018

AJA DUMEH:-)

Aja dumeh mujudake pitutur luhur kang tegese
supaya jalma manungsa utawa titah sewantah
anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya
ora ngendelake aji mumpung
.
Dumeh~~mujudake kahanan kajiwan kang njalari
sawijining pawongan nggunakake kesempatan
(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa
ngelingi sak padhane urip.
.
bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya, panguwasa, ilmu
linuwih, kebagusane rupa lan liyane.
.
Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing alam donya,  kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi.
Saka ngendi bibit kawite urip,
ana ngendi saiki dumunung
lan papan ngendi kang tembene bakal dituju.
.
Kahanan kang bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti.

Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong tansah eling marang asal-usule,
sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung minangka titipan utawa amanate kang gawe urip.

Aja dumeh bagus njur gemagus
Aja  dumeh ayu njur kemayu
Aja  dumeh pinter njur keminter
Aja dumeh sugih njur senugih

Sing samadya wae dimen urip tansah bagya mulya
Sugih kanca sugih bala....Alhamdulillah

Bunda Lestari Sahsa Malika
05.12.18

Tidak ada komentar:

Posting Komentar