Sapa nandur bakal ngundhuh
Sapa ngamal kebak begjane
Sedaya sampun di tata GUSTI
Senajan sok ora klebu ing nalar
Bab kanugrahan panci sarwa ndilalah
Maturnuwun GUSTI..,
Sedaya anugerah paduka
Ndremimil tanpa leren
Nyuntak rasa syukur
Marang GUSTI ingkang maha wikan
Paring kanugrahan tanpa dinuga
Mbokmenawa titah ing alam donya
Sewu siji sing bisa nyipati
Sewu siji sing bisa nglakoni
Sewu siji sing tanggap sasmitaning Gusti
Mugi kula lan panjenengan
tansah saged ngemong rasa
welas asih lan amanah mring sesami
Kanthi iklas lan legawa
Dudu mbuwang Nanging nandur
Dudu nggayuh Nanging ngundhuh
Ilining kanugrahan tuwuh saka pakerti
Ati kang resik lan patrap kang becik
Tansah Sumendhe marang ridhoning GUSTI ...
Aamiin ya robb..💕💕
Bk/bu.les,05.12.18
Chating karakit gurit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar