Susahku wus dakkintirake
Rikala kelip lintang lelayaran
Kumampul satengahing segara
Mbokmenawa Mung saderma tengara
Yen ta satemene isining donya
pancen amung sawetara
Nut sepira teteging ati lan jejege sedya
Rasa kang daksunggi Rina klawan wengi
Sasuwene iki Mbendhoyot dadi sanggan
Wis bisa uwal
Oncat saka dhadha
Ora leren ndedonga nyadhong kawelasan
Marang Gusti kang maha wikan
Anak lanang sing dakgadhang
Wektu iki wus mungkur ngangsu kawruh
Ing pawiyatan luhur
Nalika ing pucuking wayah tumapak sandikala..
Magita-gita asung warta bungah
Nadyanta wus denlakoni
Pecak jangkah nora kudu dirampungi
Dohing kono
Isih ana gegayuhan sayekti
Sapungkure kudu ditemeni
Datan kendhat asung donga
Mugi lancar tebih ing rubeda
sandikala iki anyekseni
Kabar kang dakanti wis ana pangkon
Rasa Bombong lan trenyuh nyawiji jroning ati
Kembeng-kembeng kaca pecah ing plataran wengi
Dening :
Bk/les, 16.12.18
Tidak ada komentar:
Posting Komentar