Minggu, 02 Desember 2018

1>>KUMPULAN GURIT @LESTARI SAHSA MALIKA

1.
10/11 14.34] Lestari Sahsa Malika:
PUNGKASING MUNG SEPI

Dakpeneg gemuruh jroning dhadha
Binarung semilir angin mangsa katiga
Larap larap bledhug Ngelus netra
Nggiring angenku marang panggrahita
Yagene ...kudu ana lelakon iki?
Lelamisan kang winungkus endahing ukara
Ngglandhang ati ing pangumbaran
Nrabas landheping pangrasa tanpa tepi
Pungkasaning mung ana sepi
Sesambat ngaruara tanpa swara

Lungguh setimpoh
Mbendhung ilining banyu netra
Kang saben saben mili sauruting pipi
Nyawang langit tansaya klawu
Ah....sasi november kaping 10 iki
isih ana tatu ngrenggani kalbu.

Lestari Sahsa Malika
<denok ayu lestari>
101118

2.
[10/11 15.07] Lestari Sahsa Malika:
ING PUCUK SORE

Sore ing sasi november
Kebak kaendahan kapaes ing langit jingga
Ngegla anyengsemi ati
Mega mega dhedhampyakan
Nggiring surya ing wates cakrawala

Umpama panjenengan ngerti kmas
Ing pucuk sore iki ...
Isih ana ati kang nandhang kapang
Ngudang baline esem kang ngujiwat
Ngronce tembung ing larik larik gurit
Tanpa ana leren ....

Ing angslupe surya iki
Yen ta panjenengan ngerti
Ana kutahe luh saka ati sempyuh
Nut ibere pengangen lebur ana deresing udan
Jebul....sepi iki nyacah manah
Rojah rajeh temahan nglinthing
Kalindhes sepi ing wengi wengiku

3.
[10/11 15.29] Lestari Sahsa Malika:
ISIH ANA TATU

Ati kang nandhang tatu
Saka landheping ukara biru
Mbedhoyot dadi sanggan atiku

Nalika mecaki lurung cilik iki
Mbokmenawa wae isih ana esemmu
Sinungging ing antarane kembang arum dalu
Daksawang kelip lintang
Isih setya marang rembulan kae
Ning emane aku sing kijenan
tanpa sorot netramu kmas....

Dleweran luh saka ati kang sepi
Dalan iki wis nugel tali katresnan
Senajan ta wis bakuh kayangapa
Ning kanyatan kudu daklilakna..

4.
[10/11 15.54] Lestari Sahsa Malika:
WIRANG RASA

Dakkira kembang tresna kang rinonce
Bakal selawase kapaes ing plataran atiku
Angamgar arum dadi kelanganan
Kang tinamdur ing jembare rasa

Ning jebule nuwuhake cuwa
Mesthine aku ngandel ujare warta
Saka angin mangsa katiga
Katresnan iki mawa dahana
Lan anjalari wirang rasa

Amrik ganda wangi
Ning mung sakedhep netra
Janji kang rosa angedapi
kaya bisa ngrubuhake dhuwure gunung
Kanyatan amung sawetara

Ya wis aku ora apa apa
Iki pancen kudu dakprangguli
Lelakon kang banget gawe pingget
Nunjem jero dadi tatu ing uripku

5.
[21/11 07.10] Lestari Sahsa Malika:
TANSAH SEMELEH

Ati sumèlèh
Suku têtêg jumangkah tan tumolèh
Sangarêpan bakal ana pikolèh
Tinampaa éklas
Krana isih bakal ana manèh

Mugi kula lqn panjenengan
Tansah saged ngemong rasa
Senajan ta jroning dhadha gemuruh 😉

Tindak sapecak
Ucap saklemah
Tansah katon sumeh lan *elegan

Balang binalang piweling bab kabecikan
Datanpa kapituna  tumeka puputing jaman🙏🙏

BK/LS,21.11.18

6.
[28/11 10.47] Lestari Sahsa Malika:
Bu les, nulis kathah bendina kok ors kesel drijine,"?|
Takone kancaku
**
Hee ,,ya ora kesel ,wong nulis sakmit wae
Sing marahi kesel utawa mangkel kuwi
Yen mood lan sinyale  ngilang😟😟😟

Lan kanggoku nulis iku bisa nglipur ati
Merga bisa ngesok rerasan batin sing ora kocap
👍👍👍

7.
[1/12 15.19] Lestari Sahsa Malika:
GURIT SORE

Gurit iki kanggo sliramu
Tresnaku tansaya ngrembaka
Datan leren ngronce panjangka
Nasak dalan rumpil kebak rubeda
Miyak alang-alang kebak eri carang
Nyabrang kali nglangkahi jurang
Ing wengi sepi sesuluh lintang

Aja banget sliramu tega
Ngrerujit ati garing iki
Singidana ing puthuke mega-mega
Isih setya tuhu anganti tekamu
Senajan mamgsa ketiga ganti warsa
Temeka mendhung tumelung ing akasa

Pengarepku mung siji
Pindha bun esuk nelesi ati
Sliramu dadiya sesulih getun
Tresna iki aja nganti mati

**BUNDA LESTARI SAHSA MALIKA
02.12.18

Tidak ada komentar:

Posting Komentar