IBU
.
saben mlebu metune napas
tansah rinoncen donga
wilanganig pangucap
kebak rasa welas asih
solahbawa tan ginawe
prasaja satemah gawe rena
tumrap sapa wae
mligi garwa lan para putra
.
menika kang aran ibu
jiwa cumadhong mring panadhang
kebak rasa panarima
teteg teguhing rasa
anjalari tentrem kulawarga
sabda kawedhar winungkus donga
ibu....
ing asta panjenengan
rinipta santosaning jiwa raga
tangguh ngadhep kahanan donya.
.
ibu....
sembah sungkem para putra
tansah katur ing pangkon panjengan
nyuwun lumebering samudra pangaksama
nganti seprene dereng saged damel rena
kepara damel cuwa lan nelangsa
ibu..panjenengan wanita mulya
widodarine garwa lan para putra.
**lest sm,220916
Tidak ada komentar:
Posting Komentar