Sabtu, 10 September 2016

GURIT ATI KANGEN



nalika sepi mrambati ati
ana pitakonan kang tansah ngebaki dhadha
umpama aku isih dadi wewayanganmu
yagene nganti seprene ora nate kok aru biru
kembang mawar jare tandha tresnamu saiki wis garing
mbarengi ilange kapitayan sing wingi nate pinaes asri
ing pot-pot katresnan
nganti lintang-lintang padha takon
yagene sunare rembulan katon kusem?
mega-mega sesidheman ninggalake bawera biru
uga semringahe prenjak ing plataran
melu wurung nyangking warta
saka tlatah pangumbaran
tumeka gegodhongan gogrok kasulih mangsa
.
kabeh padha ngabarake yen ta
mangsa ketiga isih dawa
Yagene kokpunggel pupuse kembang melathi
kang rimonce edi
ing endahe janji?
ahh... ati tansaya nglangut
kangen iki uga isih ngrenggani ati
Tansaya ndadra tanpa tepi
senajan ta winates ing pengangen
Kayadene ngoyak impen kalungse
ning nyatane kuwawa
ngubek-ubek pangrasa
Rina lan wengi binundhel sajroning dhadha.
.
geguritan iki mung pengin kandha
aku kangen kmas
marang gojeg lan asihmu...
kangem solah bawa lan swaramu
dhuh...kangmas
kangen iki tansah kepatri
Tinatah pindha relief candhi
Taksuwun panjenengan uga ngerti?
.
**lest sm ,140516
Bunda sahsa malika,ngadiluhur



Tidak ada komentar:

Posting Komentar