Sabtu, 10 September 2016

APA IKI SING DIARANI KANGEN?


.
mbokmenawa iki sing jenenge kangen
rasa sing tinabuh gemuruh ing jroning qalbu
ing kedhep netramu kang sumunar
kaya wawa kang kuwawa ngobong
sakujur rasa
grahana meh wae oncat
mbokmenawa...
peteng iki amung sauntara
dakanti parak esuk
bagaskara mesthi mesem
apa iki sing diarani kangen?
.
umpama ora daksuntak
rerasan batin iki
mesthi dadi pangggresah
ing sadawane wektu
ing sadawane dina
.
kmas...
iki kangen sing daksimpen
rinenggan ing kalpikaning ati
saben-saben tansah alelewa
pindha sateguk banyu tawa nelesi dhadha
ahh..mbokmenawa kapitayan iki isih ana
aku bakal mlayu kekitrang ing sela-selaning mega
nitipake rasa sing takduweni
nanging...kangen iki mung keplok tangan siji
pancen tresna iku ora mung kandheg ing pangelembana
ning mbutuhake kekendelan sing tanpa umpama.
.
**lest sm,mei2016
Bunda sasa malika,ngadiluhur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar