Sing jenenge piwulang aji/pitutur becik il
Iku bisa saka sapa wae.
contone saiki akeh mutiara kata utawa kata bijak
sing gampang diwaca ing sosmed.
sing akeh-akehe ngajak marang kita
Sami duweni kaprigelan
Nintingi prilaku salebeting gesang ing alam bebrayan.
urip pranyata ora mung saderma mburu drajad lan bandha
minagka prasaratane ngaurip
nanging ati lan rasa
Uga diupayaake mekar
Amrih bisa dadi tetimbagane
Anggone jumangkah kanggo kabagyan lair batin.
.
lelakoning manungsa pancen owah gingsir
Lan akeh kedadeyan sing kadhang ora dinuga.
wingi bungah saiki ora kanyana bisa susah.
.
kaendahan alam kang ginelar ing sakiwa tengen kita
Bisa dadi colok madhangi ati
Kang nembe ruwet.
sorote srengenge esuk
kedhepe kartika
Kemriciking banyu bening mili
sarta arum kembang lan ijo gegodhongan
yen kita gelem ngematake bisa ngresepake ati lan mbenigake pikiran.
saengga nuwuhake wirama bungah sing angel digambarake.
nuwuhake greged anyar
sawise awak sayah pikiran lungkrah
Ngadhepi rutinitas penggaweyan sing banget meres uteg.
.
urip ing jaman saiki kanthi maneka masalah
Kkudu pinter-pinter nata ati
amrih pikiran bisa adhem lan ayem.
perlu duweni keseimbangan antarane kebutuhan lair lan batin.
.
**lsm
Tidak ada komentar:
Posting Komentar