Sabtu, 22 Oktober 2016

ELING LAN WASPADA

ELING LAN WASPADA
.
Wis takngerteni pirang-pirang wadi
kemlebat ing kedhep netra
wis takwaca reroncene ukara
sing asring koksuntak ing nawala
nalika katut semiliring samirana
kumleyang ceblok ing tritis wektu
kang saben-saben nggawa warta saka paran
ngenani suwara kang angrerintih
sambate weteng kang ngelih
uga pambengoke kenya sing kelangan slendhang ing awan drandhang
kemlisiking laron sangisore lampu taman
uga grenenge kembang lan kumbang
nedhenge andum katresnan
ing endahe tegal kasmaran
ngalela tanpa sungkan
.
aku dadi weruh
luh kang sesidheman ing walik esem mu
kejungkel tiba ing jurang kasangsaran
sambat nandhang tatu kelaran
kabeh wis tak tampa kanthi cetha
.
ora ana tedheng aling-aling
ora ana sekat ing antarane wadi
ngenani obahe lathi lan ajining dhiri
.
tuwa lan mudha
priya lan wanita
kagubet ing ilining jaman
internet wis dadi tujuwan
esuk awan nganti bengi wis ora kelingan
kentir sing jeneng internetan
ngesok uneg-uneg tanpa petungan
driji lan pikiran pindha panah
kang bisa mencelat sawayah-wayah
tumancep tanpa alangan
ing kalane bisa gawe bungah
uga bisa njalari ati susah
.
siji sing dadi paugeman
aja nganti lali ing jati dhiri
tansah semendhe marang Gusti
eling lan waspada.
.
**lest sm,201016




Tidak ada komentar:

Posting Komentar