Sabtu, 10 September 2016

GETER TRESNA



wengi iki nugel sepi
miyaki dununge tresna sing wis klawu
aku nate kandha
pancen wis suwe lali
sunar lilin sing takkanthi muga amadhangi lurung ati
dumadakan peteng keterak semilir angin
rasa njekut lan wedi dadi siji
njur dakleremake gemuruhe ati
sumendhe ing angete tresna kang isih kasisa
ya...pancen ora dakselaki
tresna iki isiih daksimpen dadi wadi
ing kalane rembulan pucet ngrerujit ati
saben-saben mbebeda nala
ngrampas esem sing wingi semburat manis
saiki alum nyedhaki garing
.
jaremu jagad iki minangka saksi
selawase ora bakal cidra janji
isih mbrengengeng prasetyamu
mbiyen ing sangisore rembulan sak alis
kanthi sayuta pengarep sundhul wiyati
tumetese luh ing antarane esem
pindha kekitrang ing antarane lintang..
maturnuwun... .Gusti
senajan sepi iki tetep ngrenggani ati
nanging...isih dakrasakake gedhene kapang
Sing nrajang kanyatan
senajan aku lan sliramu mokal bisa sesandhingan
aku ngerti...
ing kene isih dakrasa geter
tresnamu
tinali ing sawijining sendhang kenangan.
.
*lest sm.juni 16
Bunda sahsa malika ngadiluhur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar