Rabu, 21 September 2016

LANDHEP AYANG-AYANG

LANDHEP AYANG-AYANG
.
Ing lebet ati isih ginarit abang
perihe kacocog landhepe ayang-ayang
kedlarang ing lurung pangumbaran
nganti seprene nipakake tatu
Sing njalari ati kelaran
dununge sambat wis ora wilangan
Senajan ta rapuh angga sempoyongan
ora takrasa babar pisan
jangkahku isih jejeg....
senajan tatu iki durung ilang
.
wengi kang sepi....
Dakcritakake marang langit
ing saben grombolane mega
taksampirake angen-angen
mbokmenawa bisa dadi rowang
ngancani aku mbopong sanggan
ngudhari bundhelan
sing ngrenggani dhadha
ing saben unjal ambegan
.
aku isih kelingan
lan selawase.tansah kelingan
nalika panjenengan kirim siji cangkriman
ngenani munyere rodha panguripan
uga bapa adam lan hawa sing kapeksa nampa paukuman
ahh...kabeh mung saderma ngecake lelakon
sing tak ngerteni ...
aku kudu lila ngeculake impen-impen
kumleyang gogrog ing sumilire angin mangsa ketiga ....
Aku pamit saka papan atimu
Lilanana aku lunga kmas
Pancen tresna iku ora mesthi nyawiji
Ing kalane kudu kandheg ing wates pangerten
kabeh mung saderma nglampahi
tresna suci iki daksimpen ing endahe memory.
.
**lest sm,220916


Tidak ada komentar:

Posting Komentar