srengenge ing tritis esuk
krasa anget maya-maya
kembang tebu rinengkuh bun
kadhekep kanthi kebak sayang
pindha wektu sing dakeman
nalikane aku wegah ngeculke impen
sing mrambat ing gapurane siyang
.
esuk iki gragapan tangi
engga gendandapan nguber playune wektu
keponthal-ponthal sadawane lurung
kebak watu
ing kalane nipakake tatu
apa aku wedi katlikung?
sing diarani modernisasi?
aku ora ngerti....
yen aku mandheg mesthi aku keri
dening kemajuwane jaman saiki
senajan akeh ndadekake kita lali
marang sepira ta wates kekuwatane dhiri
polah tingkah terkadhang pindha gabah deninteri
.
nganti seprene mbuh wis pirang lembar angka-angka
ing kalender kobong dening umur sing tansaya tuwa
dadi crita klawu nggerenggani jroning dhadha
saben ganti warsa
wilangane mesthi suda
ahhh....kabeh mung saderma
anut gilir gumantine mangsa
wis takngerteni lakune titi kala
kaya angin sing sregep nggawa
layang saka paran
saperangan warta njalari ati goreh
nuwuhake tandha pitakon
.
paiting kasunyatan
sing kudu takprangguli
nanging panggah dakwaca
mbokmenawa....
duweni kawicaksanan dhiri iku pancen kudu ngliwati pait getir ing panguripan
kareben ing tembe mburi bisa ngaca kanthi trawaca
lan landhep ing paggrahita.
.
**lest sm
Ngadiluhur,balen
Tritis esuk,100916
Tidak ada komentar:
Posting Komentar