Rabu, 16 Januari 2019

KARI KENANGAN

KARI KENANGAN

Dakgambar maneh wewayanganmu
Kumlawe ing antarane tletik udan
Kemlebat Rupa jenar merak ati
Dakranggeh kanthi kebak pengarep
Aku kang nandhang dhuhkita
Katrem jroning angen-angen
Tanpa ngerti ing wayah
Isih daksimpen sakebehe crita
Senajan mung kari kenangan
Gojekmu ing tritis awan
Maesi lumakune dina sapungkurmu
Nyancang rasa tan bisa obah
Anjalari kahanan katon alum
Kusem tan ana cahya babar pisan


Kijenan ing madya ratri
Hawa adhem nunjem jiwa
Driji srawehan ngusap banyu netra
Ati rinegem peteng dhedhet
ngampah geter kapang jroning dhadha
Kang winungkus wirang rasa


Lsm,09.01.18
Bunda Lestari Sahsa Malika



Tidak ada komentar:

Posting Komentar