Selasa, 11 November 2014

KEMBANG TERATE

nalika sore semendhe ing pucuk kembang terate gegodhongan ngawe-awe delengen kae kangmas... eseme kembang terate tansah ngujiwat kumambang ing beninge telaga biru wanci ratri,esuk,awan lan sore apa ta sejatine sing kudu dingerteni ing kene? kembang terate pancen peni kaya-kaya aweh pralampita marang awake dhewe yen ta wong urip mono kudu tansah andhedhipe ora mung dadi pepaes ing endahe pandulu muga kita bisa nulad pakertine kembang terate tansah ngabekti marang gusti ndedonga mugi Allah Swt tansah paring kanugrahan ingkang lumintu tumprap kita muga-muga aamin yaa roball aalamiin. #lest_sm /12 Nop 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar