Rabu, 12 November 2014
GURIT KATUR MITRAKU SMP
GURIT KATUR MITRAKU SMP
Pedhut esuk tumangsang
ing obahe gegodhongan
nyawang kang lumaku
ngoyak playune wektu
nasak panas ing palagan
nyandhung landhepe jaman
miyak riwis wayah udan
aku tansah kelingan
bocah-bocah cilik
kang nate uber-uberan
ing jembare plataran
smp kang dadi kenangan
ngukir impen lan gegayuhan
banjur saiki padha ana endi?
nganti seprene ora ana
pawartane
ana endi papan dunungmu?
apa wis lali
nalika ngerek gendera lan
sedya
sineksen bapak lan ibu guru
kang satuhu bekti
ana crita kang rinakit
mbiyen ing sakawit
senajan wis kecepit
ing dawane dina lan
dhuwure anggit
mitraku..
iki dina wis nyata
slirane keraya-raya
nglangkahi kutha
necep ilmu
natah panjangka
sawise ninggal dhampar
tuwa
saiki bocah cilik wis
dhewasa
kabeh wis mungkur
katon panguripan sami
makmur
salam kapang tansah katur
dhuh..delengen kae jembare
langit biru
kaya rasa kekadangan kita
tansah pinaes esem
senajan ing kalane langit
ora rupa biru
nalika srengenge wis
angslup
nanging ora bakal gawe
peteng ing memitran
tetep edi dadi suluhing ati
embuh kapan bisa reoni
kaya dina iki
atur pambagya lan endahing
crita
patlikurtaun kawuri
wis ngukir prasasti
sumimpen edi
ing telenging ati
sugeng lelayaran ing
jagading samudra
panguripan
muga ing warsa ngajeng
bisa pinanggihan
sinambi ngronce pandunga
gusti tansah amberkahi.
Reoni SMPN 1 balen alumni
1988/100912
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar