Minggu, 09 November 2014
DALAN PAVING
Biyen nalika aku cilik
sadawane dalan iki
rupa galengan
yen pinuju wanci udan
budhal sekolah sepatu dadi
cangkingan
durung ana listrik
yen sinau kekancan ublik
uga swara jangkrik ngerik
yen bengi bubar ngaji
ndhepipis pengin nonton
tivi
ing terase mbah kaji
padha ngenteni serial
boneka si unyil
gegojegan
poyok-poyok'an
tanpa rikuh
ing kalane uber-uberan
ngoyak konang
saiki wis beda
omah-omah wis rapet
sawah kari bisa dietung driji
yen bengi wis padhang
jingglang
dalane kabeh wis pavingan
wis ora galengan
sing kari amung crita
lan polahe uwong anteng
kitiran
diuber wektu
nggolek kebutuhan
muga wae isih ana grapyak
lan semanake
sing padha liwat dalan kene.
#lest_sm /nov14
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar