Rabu, 19 November 2014

Atur Pangiring


Jumedhule buku Kembang Nedhenge Mekar karyane Lestari Sahsa Malika iki minangka tandha yen ing Kabupaten Bojonegoro tansah lair anane generasi penerus penulis sastra Jawa.
kabupaten Bojonegoro mula dikenal minangka gudhange pengarang lan penyair sastra Jawa kang kejaba sregep nulis ing majalah-majalah basa Jawa uga padha nerbitake buku sastra Jawa wujud novel, kumpulan crita cekak lan kumpulan geguritan kaya karyane Lestari Sahsa Malika iki.
Ing buku iki, sawetara geguritane ana kang wis nate kepacak ing majalah Jaya Baya apadene ing Panyebar Semangat. Sawetara liyane durung nate kakirimake menyang majalah Jawa.
Para penulis Bojonegoro yaiku JFX Hoerry, Djajus Pete , Sri Setya Rahayu, Yes Ismie Suryatmaja , Moch. Makloem , Nono Warnono , Gampang Prawoto , Herwanto , Nardi , Yonathan Raharjo, Kang Zen lan liya- liyane.
Penulis wanita ing Bojonegoro kang luwih dhisik lelumban ing jagading penulisan sastra jawa yaiku Sri Setya Rahayu iku kang kejaba nulis crita cekak uga sregep nyerat geguritan wiwit taun 1970. Lagi muncul penulis wanita maneh sing nerbitake buku Kembang Nedhenge Mekar iki kang dedalem ing wewengkon Kecamatan Balen, Bojonegoro.
Cacahe penulis wanita ing endi papan pancen mung sethithik banget yen ora kena diarani langka.
Mula saka iku, muncule Lestari sahsa Malika iki mujudadake kabar kang nyenengake tumrap perlune generasi penerus penulis sastra Jawa khususe ing Kabupaten Bojonegoro.

Bojonegoro, Nopember 2014

Djajus Pete
Pengarang sastra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar