Minggu, 30 November 2014
KEMBANG NEDHENGE MEKAR
kembang nedhenge mekar
ing plataran ati
ngrembuyung ngrembaka
menehi pangayoman saka gemrisik angin
ing kalane nyangking hawa
panas
anjalari adhem lan resep
jroning dhadha
muga wae kembang ora
ambyar
kesaput dening mangsa
tansah semi lan peni
ing saben wektu
ora kepangan mangsa
angambar ganda wangi
resep ing pandulu
dadi kembang kang merak
ati
tansah anglamlami.
Bojonegoro,29 Nopember
2014
Sabtu, 29 November 2014
SLIRAMU GOROH
Kembang melathi
rumesep amrik ing telenging
ati
mbokmenawa panjenengan
krasa
lumantar samirana
kang ngelus rasa
mancala rupa
datan wujud karti
nelangsaning jiwa ginawa
sepi
miyar miyur kaya pupus
godhong gedhang
ati mlumpat-mlumpat ora
bisa anteng
kaya tletik banyu udan ing
dhuwur ron tales
nyata sliramu wis
goroh
lan gorohmu wis
ngrubuhake apa wae sakujur angga
kapitayan kabuncang ing iline samirana.
yagene sliramu goroh?
Bojonegoro, 20 Maret 2013
DLUWANG KLAWU
Rupa jenar sinangling
leledhang asung pepeling
wengi kang sepi
nyawur aruming melathi
nyebar ganda wangi
takgurit kekidungan
lumantar kapang sing mrada
ati
wewayanganmu tansah
ngrenggani pikir
lelamisan asmara
rinonce
kebak wisa
nyangking goreh nunjem
ros-rosaning batin
tinulis klawu ing dluwang
kenangan.
Bojonegoro,02 Januari 2012
leledhang asung pepeling
wengi kang sepi
nyawur aruming melathi
nyebar ganda wangi
takgurit kekidungan
lumantar kapang sing mrada
ati
wewayanganmu tansah
ngrenggani pikir
lelamisan asmara
rinonce
kebak wisa
nyangking goreh nunjem
ros-rosaning batin
tinulis klawu ing dluwang
kenangan.
Bojonegoro,02 Januari 2012
UDAN GRIMIS
udan grimis ing plataran ati
tumetes nyegerake
gegodhongan lan kembang
uga mekarake kekudhupan
sing sauntara alum
kanyatan sing kudu
takprangguli kudu bisa maca
kahanan
kang mbranangi ati
pager sing dadi wates
wis nyimpen wewadine ati
marang grimis sing mung
teka kala-kala
wis takbisikake yen sejatine
ati iki nandhang kapang
kasimpen edi ing telenging
ati.
Bojonegoro,10 Agustus 2014
SUMARAH
Manut ujare kandha
urip iku mung mampir
ngombe
mula ngombea banyu
bening
lan jumbuh karo kahanan
dhiri
aja nganti weteng
blendhing
kudu sabar ing manah
dilakoni kanthi sumarah
lan sumundhe marang
pesti
sing wis ditata gusti.
Bojonegoro/28 Nopember
2014
2 jam · Disunting ·
PRASETYA TUHU
isih kelingan kandhamu
nalika mbiyen ngucap prasetya tuhu
aku lan sliramu bakal
selawase bareng lumaku
mecaki dina-dina nganti
kaki-nini
tresna kang suci tinulis edi
tinatah ing wit gedhang
sepet lan gedhang kluthuk
mangkono pepindhane urip
bebrayan
pindha wit gedhang
urip sepisan kanggo woh
sepisan
tansah rukun gegandhengan
tanpa crah
tanpa pasulayan
muga-muga diijabah Gusti
Pangeran.
Bojonegoro,28 Nopember
2014
PALAGAN PANGURIPAN
Yen urip iku papan
pandhadharan
mesthine kudu duwe
kekuwatan
kanggo tameng nalika ambyur ing
palagan panguripan
owah gingsire kahanan
aja nganti ngilangake
keyakinan iman
maneka warna kedadeyan
bisaa dadi panuntun tumuju ing
kadhewasan
mula sing sregep sinau
senajan nuwuhake tatu lan
kecepit wektu
tetep jumangkah
ing madyane margi mugi
gusti amberkahi.
Bojonegoro,28 Nopember
2014
UDAN WAYAH ESUK
Langit njenggureng
peteng angendanu
sesawangan dadi samar-
samar
dalan mung katon njlarit
kinemulan pedhut
angen nglangut nglambrang
ing jembare tawang
muga wae iki ora udan
kasangsaran
kang nyangking dom saka
langit
anjalari kutahe luh
udan wayah esuk
aku sedheku ing ngisor wit waru
ngrantu pepadhang sing
bakal mbusek
sakehing tatu.
Bojonegoro,20 Oktober 2014
BANJIR
sapa sing bisa ngalang-
alangi
nalika banyu mili golek
dalan
uga nerak watu lan wit-
witan
angin tansaya nyurung
playune
amber ing endi panggonan
tanpa milih papan lan
kahanan
banyu migunani mring
sedaya isi bumi
nanging uga bisa nggegirisi
merga saka polah tingkah
sing ndrawasi
banjir bandhang
tanpa bisa kabendhung
nerak omah lan tetanduran
uga kewan-kewan akeh dadi
korban
iki salahe sapa?
banjir mung
nipakake sesambate umat.
Bojonegoro,21 Oktober 2014
ELING
Ron garing sing gogrog
saka pang kae
mratandhani wis tekan
janjine
yen wis wayahe ora ana
sing bisa dadi pepalang
dimar sing madhangi jembare rasa
wiwit surem
wis kelangan cahya
tanpa bisa nggondheli
eling tansah eling
kita kabeh bakale budhal
mula enggal padha lelumban
nindakake kesaenan
ngebakna amal kebecikan
kanggo sangu ing akherat
kang sakwayah-wayah
tinimbalan gusti pangeran.
Bojonegoro/28 Nopember
2014
MAMPIR NGOMBE
tangan kumlawe ing
antarane godhong garing
kumleyang gogrog ing
pangkon
nalika mecaki dalan simpang
sing ngridhu pikiran
mbacut apa leren?
umpama mbacut wedi tatu
umpama leren bisa kaku lan keju
endi kang kudu takpilih?
iba senenge yen rembulan
kae kirim tengara
aku kang lagi mandheg mangu
mlaku ing dalan panguripan
kebak pilihan abang lan biru
muga ana wektu kanggo
golek sangu
ing donya amung mampir ngombe
mula tansah takwulang jiwa
lan ragaku ing dalan bener
mugi Gusti tansah
amberkahi.
Bojonegoro/28 Nopember
2014
Jumat, 28 November 2014
EBUN ESUK
mecaki dina-dina
nggiring sakehing rasa
tansah ngrenggani liring netra
nyangking pangentha
ngronce panjangka
nalika ebun esuk
nelungake rasa kapang
tanpa umpama.
Bjn/nop14
SANGGAN
yen sambat kabotan
ya becike diselehake
ana jogan utawa dhipan
murih entheng rasane
pikiran
adoh saka sawan.
Bojonegoro/28 nopember 2014
AJA JUMAWA
iki salahe sapa?_
yen padha duwe gegayuhan
luhur
yagene dolanan wisa
aku lan kowe mung
sakdrema ngronce ukara
sing mesthine duwe
tatakrama
bebarengan natah edine
tugu sadawane wektu
mbokmenawa mbesuk
kanggo tenger anak putu
aja ngayawara
aja jumawa
sing tanpa guna
mesthine nglenggana kanthi
kebak rasa
yagene manjelma lading
landhep nunjem kalbu.
bojonegoro/ 28 nopember 2014
PANJANGKA
mecaki lurung cilik ing iringan omah
taktulis sedya ing jembare
rasa
bun gilar-gilar ing godhong
lumbu
nyata pangilon anggit kang
ginelar
atiku sumendhe marang
karep kang tinatah edi ing
tugune wektu
kringet dleweran sadawane dalan
prasasat tanpa wates
mili ing punjering sukma
panggah dakenam
panjangka
sing ngrembuyung
kekanthen niyat suci
lan tresna-MU
Kamis, 27 November 2014
CATHETAN
Gurit-gurit iki takkumpulake
dadi buku muga bisa dadi
buku salah sawijining buku
pindha kembang kang
nedhenge mekar, senajan
durung kagolong kembang
kang ngganda arum. Sakawit
amung kepengin nglipur ati
lan luru maremeng ati.
Muga-muga ora nuwuhake
rasa cuwa tumrap para
maos.
Buku iki uga taktulis
minangka tandha tresnaku
marang wong tuwaku
sakloron kang ngukir jiwa
ragaku kang wis swargi,
yaiku Bapak Supardji lan Ibu
Mudiyati.
Lan uga dakpisungsungake
marang Kangmas Suprayitno
Spd, M mpd, garwa kinasih
kang tansah nyengkuyung
kanthi setya tuhu, nuwuhake
rasa tresna lan bekti jroning
atiku.
Uga kanggo anak-anakku
kinasih,Akbar Fahreza
Putra,Airil Rizky Yunanda
lan Devta Ahsya Malika
Bojonegoro,20 Nopember 2014
Lestari Sahsa Malika
BIODATA PANGRIPTA
Lestari Sahsa Malika utawa Denok Tary, lair ing Bojonegoro,
16 Pebruari 1973 seneng nulis wiwit taun 2010,
rupa geguritan lan saperangan wis kapacak ing majalah basa jawa.
Lelumban ing jagad sastra lan dadi anggota PSJB
(pamarsudi sastra jawi bojonegoro) wiwit taun 2012.
Pendidikan sekolah sing
dirampungake yaiku:
1.SDN Sidobandung 1
kec.Balen Bojonegoro lulus
taun 1985
2.SMPN 1 Balen Bojonegoro
lulus taun 1988
3.SMEA Negeri Bojonegoro
lulus taun 1991
nganti seprene mapan ing
desa ngadiluhur kec.balen
Bojonegoro.
Sabtu, 22 November 2014
ING GARIS PAUGERAN
Dakaras esem ngujiwatmu
lumantar pecahaning
sorot rembulan
ing selaning gegodhongan
gilar-gilar madhangi nala
ing pang-pang mega
cumenthel warta wigati saka
atimu
daktampa kanthi kebak rasa
lan gemrisike gegrumbulan
mbisikake panandhange jiwa
takkekep perih kang nunjem ati
senajan dalan iki
rumpil lan kebak eri
kita kudu tetep lumaku
lan tansah bisa nyipati
Gambar-gambar dlamakan
ngisor-ngisoring
Garis paugeran
Kembang arum dalu
ngelingake prasetyamu
kang wis ginulung wektu
kalungse lan klawu.
19 November 2014
WARTA SAKA ATI
liwat e-mail iki
dakkirim warta saka atiku
apa wis kokbukak
nganti seprene durung ana
pawangsulan
aku mung kepengin ngerti
apa isih ana rasa kapang
wacanen kanthi seneng
kaya aku nalika nulis iki
senajan kudu daksempal
pang wit jati
kareben ora ilang kapitayan
sing takduweni
pitakon tansah nguleng
apa wis bosen
yagene amung meneng
ahh..aku kok wedi
yen kokbusek aksara kang
wis tinata.
19 November 2014
MENENG
saiki ora ana kledhange
saiki ora ana swarane
saiki ora ana kaendahane
dahana sing mawa wis
adhem
meneng lan lerem
sing ana mung semplahe
rasa
nunjem tumeka ati.
211114/lsm
ANGIN
apa aku kudu ngoyak
playune angin
angin tetep angin
ora ngerti apa sing
dikarepake
isih takanti tekane
ing pinggir kembang
desember
sing suwe wis ora ana
pawartane.
211114/LSM
KEMBANG
Kembang ing taman tansaya
resep sinawang
senajan keterak angin rina
wengi
isih panggah kumanthil ing
gagang
mekrok ora gogrok dening
semliwere kumbang.
211114/lsm
Rabu, 19 November 2014
Atur Pangiring
Jumedhule buku Kembang Nedhenge Mekar karyane Lestari Sahsa Malika iki minangka tandha yen ing Kabupaten Bojonegoro tansah lair anane generasi penerus penulis sastra Jawa.
kabupaten Bojonegoro mula dikenal minangka gudhange pengarang lan penyair sastra Jawa kang kejaba sregep nulis ing majalah-majalah basa Jawa uga padha nerbitake buku sastra Jawa wujud novel, kumpulan crita cekak lan kumpulan geguritan kaya karyane Lestari Sahsa Malika iki.
Ing buku iki, sawetara geguritane ana kang wis nate kepacak ing majalah Jaya Baya apadene ing Panyebar Semangat. Sawetara liyane durung nate kakirimake menyang majalah Jawa.
Para penulis Bojonegoro yaiku JFX Hoerry, Djajus Pete , Sri Setya Rahayu, Yes Ismie Suryatmaja , Moch. Makloem , Nono Warnono , Gampang Prawoto , Herwanto , Nardi , Yonathan Raharjo, Kang Zen lan liya- liyane.
Penulis wanita ing Bojonegoro kang luwih dhisik lelumban ing jagading penulisan sastra jawa yaiku Sri Setya Rahayu iku kang kejaba nulis crita cekak uga sregep nyerat geguritan wiwit taun 1970. Lagi muncul penulis wanita maneh sing nerbitake buku Kembang Nedhenge Mekar iki kang dedalem ing wewengkon Kecamatan Balen, Bojonegoro.
Cacahe penulis wanita ing endi papan pancen mung sethithik banget yen ora kena diarani langka.
Mula saka iku, muncule Lestari sahsa Malika iki mujudadake kabar kang nyenengake tumrap perlune generasi penerus penulis sastra Jawa khususe ing Kabupaten Bojonegoro.
Bojonegoro, Nopember 2014
Djajus Pete
Pengarang sastra
Rabu, 12 November 2014
SADAWANE WEKTU
Kijenan tanpa rowang
lungguh ing pelataran
nyawang pucuk pring
montang-manting
jejogedan ing semiliring
angin
ing kana kangenku
temangsang
kabulet benang sutra
kang alus lan wulet
ing sadawane wektu
ora bakal methet
ing pucuk pring ana esem
ngawe-awe
atiku tansaya kebanting-
banting
embuh kapan?
bisa tumiyung semandhing.
Lest_sm/23 Agustus 2012
KEMBANG KANTHIL
Kembang ing plataran
sawetara tanpa siniram
garing tan ginape
nganti seprana-seprene
alum rontog godhonge
brindhil
kaya urip kepencil
ketiga ngerak
sambate ngelak
ngeres dening bledhug
keterak angin
tansaya montang-manting
nyidham tumetesing banyu
udan
ora kanyana ana grimis esuk
sore
katon seger
trubus godhonge
njenggelek...
mekrok kembange
ngganda wangi
dadi kembang kanthile ati.
Lest_sm/30 agustus 2012
KECANTHOL
Pucuk slendhang
kecanthol ing petengan
suwek
katon ing pepadhang
taktangisi mbrebes mili
nglangut
ing pandulu
perih
dening dom
kang anjalari tatu
takcabut dom iki
senajan isih nunjem ati
kanggo dondom
pucuk slendhangku
sinambi ngudal bolah
kanggo ngrajut pucuk
slendhang kang bedhah.
lest_sm/
12 nopember 2012
GURIT KATUR MITRAKU SMP
GURIT KATUR MITRAKU SMP
Pedhut esuk tumangsang
ing obahe gegodhongan
nyawang kang lumaku
ngoyak playune wektu
nasak panas ing palagan
nyandhung landhepe jaman
miyak riwis wayah udan
aku tansah kelingan
bocah-bocah cilik
kang nate uber-uberan
ing jembare plataran
smp kang dadi kenangan
ngukir impen lan gegayuhan
banjur saiki padha ana endi?
nganti seprene ora ana
pawartane
ana endi papan dunungmu?
apa wis lali
nalika ngerek gendera lan
sedya
sineksen bapak lan ibu guru
kang satuhu bekti
ana crita kang rinakit
mbiyen ing sakawit
senajan wis kecepit
ing dawane dina lan
dhuwure anggit
mitraku..
iki dina wis nyata
slirane keraya-raya
nglangkahi kutha
necep ilmu
natah panjangka
sawise ninggal dhampar
tuwa
saiki bocah cilik wis
dhewasa
kabeh wis mungkur
katon panguripan sami
makmur
salam kapang tansah katur
dhuh..delengen kae jembare
langit biru
kaya rasa kekadangan kita
tansah pinaes esem
senajan ing kalane langit
ora rupa biru
nalika srengenge wis
angslup
nanging ora bakal gawe
peteng ing memitran
tetep edi dadi suluhing ati
embuh kapan bisa reoni
kaya dina iki
atur pambagya lan endahing
crita
patlikurtaun kawuri
wis ngukir prasasti
sumimpen edi
ing telenging ati
sugeng lelayaran ing
jagading samudra
panguripan
muga ing warsa ngajeng
bisa pinanggihan
sinambi ngronce pandunga
gusti tansah amberkahi.
Reoni SMPN 1 balen alumni
1988/100912
Selasa, 11 November 2014
KEMBANG TERATE
nalika sore semendhe
ing pucuk kembang terate
gegodhongan ngawe-awe
delengen kae kangmas...
eseme kembang terate
tansah ngujiwat
kumambang ing beninge
telaga biru
wanci ratri,esuk,awan lan
sore
apa ta sejatine sing kudu
dingerteni ing kene?
kembang terate
pancen peni
kaya-kaya aweh pralampita
marang awake dhewe
yen ta wong urip mono kudu
tansah andhedhipe
ora mung dadi pepaes ing
endahe pandulu
muga kita bisa nulad
pakertine kembang terate
tansah ngabekti marang
gusti
ndedonga mugi Allah Swt
tansah paring kanugrahan
ingkang lumintu tumprap
kita
muga-muga
aamin yaa roball aalamiin.
#lest_sm /12 Nop 2014
Senin, 10 November 2014
KAPANG
Kapang tumangsang
ing pang-pang pring ori
gemrisik gegodhongan
ngudhal sepi
lelamunan ngulandara
batin tansah kandha
aku kudu bisa
ngliwati rasa iki
rasa kapang
kang tanpa pinggir.
Penjebar Semangat
No.44 / 3 nopember 2012
KEMBANG TRESNA
Kaendahan rasa iki
takgurit ing tegal nala
kembang-kembang tresna
tinandur asri
maesi
ing alam pangimpi
mbabar arum
puspa wangi
semi
ing ros-ros sukma
dadi prasasti edi
kaukir jroning esem
prasasat gusti
kladuk paring kanugrahan
senajan mung winates
jroning ngimpi.
Penjebar Semangat
No.49 /8 desember 2012
TAMAN GEGURITAN
Tinandur asri
ing tegal maya
taksiramsaben dina
takgelar ing larik-larik ukara
mujudake ana endahe nala
guritku wiwit kembang
katon trubus sinawang
dakajap bisa ngrembuyung
mekar angambar
arum..
saben mangsa.
Panjebar Semangat
No.4 -26 Januari 2013
ing tegal maya
taksiramsaben dina
takgelar ing larik-larik ukara
mujudake ana endahe nala
guritku wiwit kembang
katon trubus sinawang
dakajap bisa ngrembuyung
mekar angambar
arum..
saben mangsa.
Panjebar Semangat
No.4 -26 Januari 2013
SLENDHANG UNGU
pucuk slendhang ungu
kecanthol ing petengan
suwek.....
katon ing pepadhang
taktangisi mbrebes mili
nglangut..
ing pandulu
perih dening dom
kang gawe tatu
takcabut dom kang nunjem
kalbu
kanggo dondom
pucuk slendhangku
nanging ora ana bolah
kang nyocoki ing manah
sing bisa ngrajut
slendhang sing bedhah.
#lest_sm /15 Agustus 2014
pukul 9:19 ·
TAMAN KANG ENDAH
nalika sepisan ketemu
ing kene
ing taman guritan
aku lan panjenengan
adhep-adhepan
pandeng-pandengan
banjur keket salaman
ing angete eseman
ing korine taman
sing tansah menga
daktulis salam lan gurit edi
kanggo panjenengan
pinaes kembang-kembang
mekar
lan ibere kupu-kupu
katon ngresepake lan bingar
ing gapura taman iki
kula ngaturaken
salam memitran
maturnuwun.
#lest_sm/5 September 2014
pukul 9:40 ·
ing kene
ing taman guritan
aku lan panjenengan
adhep-adhepan
pandeng-pandengan
banjur keket salaman
ing angete eseman
ing korine taman
sing tansah menga
daktulis salam lan gurit edi
kanggo panjenengan
pinaes kembang-kembang
mekar
lan ibere kupu-kupu
katon ngresepake lan bingar
ing gapura taman iki
kula ngaturaken
salam memitran
maturnuwun.
#lest_sm/5 September 2014
pukul 9:40 ·
ING PUCUK PRING
nalika lungguh kijenan
dheleg-dheleg ing pelataran
nyawang pucuk pring
sing montang-manting
ing kono kangenku
temangsang
kabulet benang sutra alus
kang wulet
ing sadawane wektu
ora bakal methet
taksawang maneh obahe
pucuk pring
kangenku tansaya
kebanting-banting
embuh kapan?
bakal tumiyung semandhing.
#120914
14 September pukul 14:07 ·
SANGU LELADI
awan-awan jejagongan
ngandhani apik ora slengek'an
kena diwaca yen lagi
songgan
nuturi ati lan pikiran
ben tansah adhem lan
nyaman
adoh saka godhane setan
urip iki dudu dolanan
mula sing tenanan
nindakake dhawuhe
pengeran
ngibadhah manut aturan
miturut hadist lan al-qur'an
muga kita sedaya slamet
dunya dumugi delahan..
aamin yaa roball alamin
15 September pukul 14:11 ·
SEPI
ing ngisor godhong pring
jenengmu takgoleki
ing pang-pang garing
wartamu takenteni
nalika cendhela kamar
menga
semilir angin ngelus
rambutku
ing tritis kasepen
godhong palem
ngawe-awe
takentha astamu
kang ngranggeh
nelungake kangen.
#lest_sm /sept14
SANGU LELADI
Ana sing sambat
urip wis direwangi polah
nganthi kaya kekehan
(gangsingan)
meksa isih
kecingkrangan
yen urip iki kaya
kekehan
kudune diputer
sing banter
supaya pancet
jejeg lan anteng
merga yen mandheg
biayasane rubuh
yen alon mesthi lakune
sleyoran lan
sempoyongan.
28 September 2014 pukul 11:10
urip wis direwangi polah
nganthi kaya kekehan
(gangsingan)
meksa isih
kecingkrangan
yen urip iki kaya
kekehan
kudune diputer
sing banter
supaya pancet
jejeg lan anteng
merga yen mandheg
biayasane rubuh
yen alon mesthi lakune
sleyoran lan
sempoyongan.
28 September 2014 pukul 11:10
BENANG LAN LAYANGAN
ing ara-ara amba
nalika ketiga ngerak
bocah angon
ngundang barat gedhe
ngundha layangan
aku mesem
krungu tembang kekidungan
pepayon langit biru
rinengga mega sesulak
jingga
srengenge nyedhaki angslup
layangan isih anteng
mbrengengeng
tangan-tangan kasar ngulur
kenur
anteng sowangane
iki kang tinemu
ing desaku...
ngudang
benang lan layangan
enom tuwa suka parisuka
isih taksawang jembare
tawang
benang lan dluwang
oyak-oyakan
atiku ayem
desaku katon tentrem.
#denok/sept14
28 September pukul 15:38 ·
JARE SIMBAH
akeh-akehe wong iku
seneng banget yen
dialembana
kamangka pangelembana
iku bisa njlomprongake
ing kanisthan..
njur biayasane nuwuhake
rasa pamer lan sombong
ngendelake
kaluwihane..
kamangka
kanyatan satemene
durung mesthi padha
karo sing dikandhakake
wong liya mau.
30 September 2014 pukul 10:48
seneng banget yen
dialembana
kamangka pangelembana
iku bisa njlomprongake
ing kanisthan..
njur biayasane nuwuhake
rasa pamer lan sombong
ngendelake
kaluwihane..
kamangka
kanyatan satemene
durung mesthi padha
karo sing dikandhakake
wong liya mau.
30 September 2014 pukul 10:48
TINATAH EDI
isih katon ngalela
gumawang njejuwing ati
rinuket sepi sepa
sinempyok kembang trebela
sumimpen ing papan wingit
watu-watu pengkuh
ing pinggir jurang
aku wedi
taksawang ngisor jurang
peteng dhedhet lelimengan
ilang kapitayan
mecaki dalan rumpil kijenan
isih takgegem
suket teki kang dadi seksi
nalika ngenam prasetya
senajan nglinthing lan
garing
esemmu isih tinatah ing
kekayon
kebak sewu panjangka
takusapi tumetese luh
kelingan nalika aku
sumendhe ing dhadhamu.
#lest /okt14
8 Oktober pukul 9:18 ·
gumawang njejuwing ati
rinuket sepi sepa
sinempyok kembang trebela
sumimpen ing papan wingit
watu-watu pengkuh
ing pinggir jurang
aku wedi
taksawang ngisor jurang
peteng dhedhet lelimengan
ilang kapitayan
mecaki dalan rumpil kijenan
isih takgegem
suket teki kang dadi seksi
nalika ngenam prasetya
senajan nglinthing lan
garing
esemmu isih tinatah ing
kekayon
kebak sewu panjangka
takusapi tumetese luh
kelingan nalika aku
sumendhe ing dhadhamu.
#lest /okt14
8 Oktober pukul 9:18 ·
KEMBANG ISIH MEKAR
kembang padha mekar
ing plataran
kembang mawar
kembang alamanda
tawa esem sumringah
senajan ana rasa judheg
ngebaki jroning dhadha
pancen kudu dakrengkuh
kanthi raket
kareben cahyaning ati
sumorot ing gegedhongan
sadhurunge garing
lan pang-pang bakal rapuh
kepangan mangsa
saben wektu
saben mangsa
tansah sumunar
senajan abot kaya ngapa
ora perlu ngaruara
lan akeh sesambat
awit kembang sore
isih mesem
ing platarane ati.
#bda /okt14
3 Oktober pukul 16:29 ·
AJA SENENG DOLANAN
dunya iki papan ampiran
kanggo golek sangu mbesuk
sowan gusti pangeran
mula salugune wong urip
ora usah kakehan polah
aja seneng dolanan
lali dununge kebecikan
malah nguja kesrakahan
sing tundhane keblasak ing
luwangan
manungsa iku bakal
ngundhuh kang tinandur
sapa wae....
salah bakal seleh
anggak bakal klenggak
kementhus bisa kebenthus
sombong mesthi kebeglong
lan sing ijir bakale kacicir
bisaa dadi wong pinter
nanging aja keminter
supaya urip ora keblinger.
bojonegoro,nov 2012
Minggu, 09 November 2014
WIS KUSEM
iki dudu paukuman
iki mung palereman
kang lagi sanjan
gregete rasa
krentege ati
iki mung pepindhane ngimpi
ing margi
kang kebak cobi
atis kinudangan wengi
oyak-ayik mlintir ing
kekesing ati
wewayangan larik-larik
sesalipan waspaku
kaya wis kusem
sinempyok awu
luntur...
sinempyok lamur
wis kusem
kucem...
tanpa esem
PANJEBAR SEMANGAT
NO.28 JUNI 2012
iki mung palereman
kang lagi sanjan
gregete rasa
krentege ati
iki mung pepindhane ngimpi
ing margi
kang kebak cobi
atis kinudangan wengi
oyak-ayik mlintir ing
kekesing ati
wewayangan larik-larik
sesalipan waspaku
kaya wis kusem
sinempyok awu
luntur...
sinempyok lamur
wis kusem
kucem...
tanpa esem
PANJEBAR SEMANGAT
NO.28 JUNI 2012
KEMBANG GARING
Nggagas tumapake rasa
anggit kang sumlempit
dadi bebundhel
saobahe laku
kaya wis ora betah
anggonku ngampah
mecaki sadawane lurung
sepi
tanpa wates
jroning ati
tansaya ngeres
wis sayah
anggonku nggondheli
tumetesing waspa
kapitayan kari samenir
mabur ilang
kaya kembang garing
kabur kumleyang
Lestari Sahsa Malika
JAYA BAYA NO.41 Juni 2012
JOGAN GARING
hawa panas ing ketiga dawa
melet-melet nyebar dahana
sakojur angga garing
krasa sesak ngebaki dhadha
ing kalane isih kuwawa
mesem
takumbar kutahe kringet
sing tansah nelesi jogan
garing
senajan sepa
muga isih akeh rasa sukure
kanggo jiwa lan raga
tansah takbisiki
isih ana kanugrahan
saka gusti
kuwawa ngilangake
lungkrah lan sayah
nalika gumlethak
sumeleh ati
nlesepake rasa pangrasa
bungah lan susah
ing panguripan.
#lest_sm /okt14·
27 Oktober pukul 18:46 ·
DALAN PAVING
Biyen nalika aku cilik
sadawane dalan iki
rupa galengan
yen pinuju wanci udan
budhal sekolah sepatu dadi
cangkingan
durung ana listrik
yen sinau kekancan ublik
uga swara jangkrik ngerik
yen bengi bubar ngaji
ndhepipis pengin nonton
tivi
ing terase mbah kaji
padha ngenteni serial
boneka si unyil
gegojegan
poyok-poyok'an
tanpa rikuh
ing kalane uber-uberan
ngoyak konang
saiki wis beda
omah-omah wis rapet
sawah kari bisa dietung driji
yen bengi wis padhang
jingglang
dalane kabeh wis pavingan
wis ora galengan
sing kari amung crita
lan polahe uwong anteng
kitiran
diuber wektu
nggolek kebutuhan
muga wae isih ana grapyak
lan semanake
sing padha liwat dalan kene.
#lest_sm /nov14
Sabtu, 08 November 2014
PINDHA EMPRIT
daksawang langit kebak
anggit
nalika peteng lelimengan
nyidhem panjerit
kasempyok mendhung klawu
ora kuwawa mbusek saka
jeroning dhadha
aku kudune ngerti
nganti seprene
mung pindha emprit
sing kepengin nggelar
endahe gurit
ing jembare langit
nanging suwiwi iki ora
kuwawa mabur dhuwur
senajan mung
pangentha kang sumlempit
rina wengi tansah
takcenthelakake
ing
mbranange karep
saben-saben
nggodha sukma
iba bungahe bisa
ngumbulna sedya
ing endahing mega.
#lest_sm /nov14
ATUR SAPALA
KEMBANG NEDHENGE
MEKAR
kumpulan geguritan iki dakwenehi irah-irahan
Kembang nedhenge Mekar,Saperangan sampun nate
kapacak ing majalah basa jawa Penyebar semangat lan Jaya Baya.
tema sing daktulis maneka warna saka rerasan batin lan
imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.
Atur panuwun marang bapa Djajoes Pete ingkang
sampun paring eguh pratikel,panyurung,ugi tansah sabar paring
panyaruwe ugi kekuwatan saengga kula saged nerbitake buku iki.
Ing pangangkah buku iki bisaa nambahi dokumentasi
ing sastra jawa,mligi dokumentasi pribadhi,ugi para maos kena kanggo panglipur ati.
mesthi wae gurit-gurit iki durung bisa apik lan lungit.
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah dakantu.
Nuwun
Langganan:
Postingan (Atom)