Selasa, 19 Februari 2019

POKAK

Rikala ati lan pikir wus reged
Apawae mesthi ora kaanggep  
Aname sarwa ora mranani ati
Saobahe Tansaya garit ati
Kedadeyan ing endi papan
Aji mumpung Gemang rampung
Wis dakbundheli jroning ati
Nalika angin santer nibakake warta
Saka sempyuh rerasan batin
Kang dadi reribeting pangrasamu
Pengin daktimba
Ning taliku mung sadhepa
Ora kuwawa datan sulaya
Ya mung winates panjangka
Kukuh ing pecak jangkah
njegur ing kedhunge rasa
Ning kebak tidha-tidha
Pengin dakranggèh
Samar yen anane kêwêlèh
mung kandheg ing pengangen
durung klakon pokak ing kahyun
Kapan bisa rinegem ing driji?
Kamangka kabeh pepenginan
Kudune nglewati perjuwangan
Ora mung rupa endah ing pangimpen 




Bunda Lestari Sahsa Malika
190219

Tidak ada komentar:

Posting Komentar