Pangucap iku pindhane donga
Micara awon bali ajange
Micara apik bakal ketitik
Sing ngati-ati ngobahale lati
Siji sing wigati
mungguh ing sesrawungan
Sampun ucul saka niyat kekadangan
Uga kabecikan ngangsu ilmu sesarengan
Micara awon bali ajange
Micara apik bakal ketitik
Sing ngati-ati ngobahale lati
Siji sing wigati
mungguh ing sesrawungan
Sampun ucul saka niyat kekadangan
Uga kabecikan ngangsu ilmu sesarengan
Yen ana kledhange rasa
mangga sesarengan dilarung
Kareben mboten kedlarung
Yen Aku lali tulung elingake
Yen Sliramu lali ya takelingke
Yen pinuju manggih kekarone
Gusti mesthi bakal ngemutke
mangga sesarengan dilarung
Kareben mboten kedlarung
Yen Aku lali tulung elingake
Yen Sliramu lali ya takelingke
Yen pinuju manggih kekarone
Gusti mesthi bakal ngemutke
Yen duweni wates Kinupengqn pager
Mesthi saorane bisa mawas dhiri
Mesthi saorane bisa mawas dhiri
Aja nganti lirwa ing pakerti
Tansah memuji mring kesaenan
Sadawane pecak jangkah
Ndldiir nut swara ati
Kadya Banyu Mili...
Tansah memuji mring kesaenan
Sadawane pecak jangkah
Ndldiir nut swara ati
Kadya Banyu Mili...
Pengangen kareben dadi pamecut
Rembugan ngupadi dununge terang
Pangudarasa ngluru bawera rasa
Pangeman krana rasa sayang
Iku mono Pepaesing jagad sesrawungan
Bisa mapanake ing patrap kang trep
Ora ana samubarang kang sampurna
Ning apa eleke yen mbudidaya dadi pantese...:-):-)
Rembugan ngupadi dununge terang
Pangudarasa ngluru bawera rasa
Pangeman krana rasa sayang
Iku mono Pepaesing jagad sesrawungan
Bisa mapanake ing patrap kang trep
Ora ana samubarang kang sampurna
Ning apa eleke yen mbudidaya dadi pantese...:-):-)
Bunda Lestari Sahsa Malika
240219
240219
Tidak ada komentar:
Posting Komentar