Kamis, 21 Februari 2019

DAKTULIS GURIT :-):-)

GEGAYUHAN LUHUR

Rasa sumelang jroning ati
wus dakkintirake ing kali pacal
Bareng kumleyange ron garing
Rikala kelip lintang sumunar peni

Lumakune tanpa tumoleh
Pindha tekad Nut sepira teteging ati
Ngarah jejege sedya kang tumuju

Kanthi bungah tanpa wegah
dakpecaki dalan dawa iki
Ngangsu kawruh ing pawiyatan
Wiwit esuk engga srengenge lingsir
Senajan tapak sikil asring tatu
Ora dadi pepalang babar pisan

Linambaran puji saking bapak ibu
Dakgegem raket dadi sangu
Ndremimil tanpa leren
Ngrapal sakehing dedonga
nyadhong kawelasan Gusti
kang maha wikan,,,,

Senajan pecak jangkah sayah
Nanging ora kudu takrampungi
Adoh kaya ngapa....
daksengkut nguber cita-cita luhur
Jroning dhadha tansah manter
Suluh kang madhangi tekad
Ngranggeh gegayuhan sayekti
Kang tansah kudu kaesti

Marang rembulan kang kencar
Daksilih sunarmu ngiringi laku ku
Engga ing titi wanci mengkone
Bisa takpethik lintang -lintang saka sisihmu
Kang takgambar rina lan wengi
Muga bisa kasembadan
Dakrengkuh ing  pangkonku ....

Daktulis kanggo anakku,ing tugas mapel basa jawa
Airil  Rizki Yunanda
23.01.19

Tidak ada komentar:

Posting Komentar