Jumat, 19 Oktober 2018

KEBACUT KELI

Ati iki wis kebacut keli
Ing bening sorot netramu
Rasa pangemanmu marang aku
Anjalari ati iki tansaya katrem jroning pangrasa

Sepi nyenyet anyacah manah
Swara angin nasak gegodhongan
Tumiba ndepani banttala
Tan ana swara apa apa
Sepi mampring.....
Kepengin curhat kaya wis kliwat
Batin angrerintih lirih
Nggondheli kapitayan sing koktitipake
Senajan durung sepira bakuh
Ning aku ngerti kmas...
Ya mung iki sing dadi punjering rasa
Bisa dadi suluh kang madhangi nala
nganti lelakon iki mbesuk kapungkasi
Amerga .....wis tekane ing titi wanci💕😪

Bunda Lestari Sahsa Malika
201018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar