Jumat, 19 Oktober 2018

JRONING SEPI

Kijenan tanpa rowang
Jroning sepine wengi
Apa ta sing lagi dakrasa iki?
Ati tansah klisikan
Molak malik tan kuwawa muni

Apa iki dayane ati kepranan?
Marang panjenengan kang lagi wae tambuh
Lewat endahe ukara kang rinonce
Pawongan kang sarwa linuwih
Ora mung kaprigelan nata endahe bait gurit
Ning uga sulistya ing jati dhiri
Kang mbabar hambeg tama alusing pambudi
Yagene....tansah sesonderan ing kedhep netra
Njur ngebaki impen impenku?

Kamangka durung nate wanuh
Sedina wae ora sapa aruh ing kene
Rinasa setaun suwene anganti
Nanging ora ....
Iki mbokmenawa wae  mung aku dhewe
Sing gedhe rumangsa
Senajan critaku lan critamu
Deres gemrajag ing sangisore pengarep
Kabeh bakal daksimpen ing lempitan ati
Kena kanggo tamba yen mbesuke kapang
Lan panjenengan uga wis awis sambang
Ya mung pawartamu tansah dakantu
Ing tritis awan lan dalu..kmas

Bunda Lestari Sahsa Malika
201018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar