DHIALEK BOJONEGARAN
.
Basa jawa minangka basa ibu ing masyarakat jatim lan
jateng.lan basa jawa mligi ing Bojonegoro nggadhahi ciri khas utawa dhialek sing unik.
isih kaginakaken minangka sarana komunikasi .
ing kulawarga ,ing sekolah uga ing madyaning bebrayan.
.
wontenipun globalisasi jaman,samangke kathah bilih lare jaman saiki rada wegah ngginakake basa jawa sing
jarene ndesani lan ora gaul .
kamangka basa /dhialek bojonegaran iku salah sijining budaya dhaerah.
Lagi didelok sara ukara lan pangucap wae wis khas lan
nduweni kosa kata sing akeh lan apik.
nglestariake basa /dialek Bojonegaran bisa ing saben
dina yen kita lagi omong-omong karo kanca utawa saiki wis jamane canggih,cukup nulis ing sosmed kaya FB whatsapp ngene uga wis diwaca kanca sakjagad maya.
( sing kersa maos sih...hee awit yen tulisane dawa sok wegah je...uups curhat yee??)
ora usah isin diarani ndesa utawa ketinggalan jaman,
Basa uga bisa dadi sarana kita kekancan marang
pawongan seje dhaerah .
contone pas pinuju
lelungan ing liya dhaerah bisa dadi tetenger yen
pawongan iki asline saka dhaerah endi, ?
.
Bojonegoro nduweni dhialek basa sing unik lan khas uga
ngangeni kanggone masyarakat bojonegoro sing
suwe ninggalake bumi angling darma.
.
contone kaya ing ngisor iki
.
'em : kata ganti milik -ku
~iki nggon’em ye, :
Ini punyamu ya?
~wek’em sing endi? :
punyamu yang mana?
~pethil genjong gawa mire :
ambil angkat bawa pergi
~njungok ,ndhodhok,nglempoh
(duduk)
~puteh : putih
~ngaleh : ngalih, =menyingkir, pergi
~lesu : luwe,
(kaliren~kasar) = lapar
~dok’e : mbah wedok,
(nenek)
~nang’e : mbah lanang/
kakung, kakek
mendahmen /ndahneyo :
seandainya(pengandaian)
~ko-ko : nanti
~genyo : kenapa
~tak anjuti/takbithi :
kupukuli
~bapoh ~ kingket =kuat
~nayoh ..gampang
~jengker = omong
~matoh = apik
Ra mekakat,ra kaprah = luar biasa
Gqwok = heran
Senggohem =perkiraanmu
lsp...
mula sakjane kanca2 lan para mudha saiki ora usah isin yen jengkeran nganggo dialek Bojonegaran lan ora
usah rumangsa ndesa lan ora gaul...
lak ya ngono ta ya..?
.
jiahhaaa..tulisan iki ana
merga aku digojlog'i / dipoyok'i kancaku merga pas pethuk dheknane kae saben saben basaku
ndledek nganggo dhialek bojonegaran saem....
Bunda Lestari Sahsa Malika
101018
Tidak ada komentar:
Posting Komentar