Jumat, 19 Oktober 2018

ING TRITIS DALU

Lumantar semilring maruta
Daklaras swaramu ingkang andudut ati
Ngalela ing kaca maya
Kaya ana kapang kang sinandi
tansaya ngudal rasa jroning ati

Ing tritis dalu dandanggula ngrangin
Apa maneh nalika koksebut jenengku
ing bait bait tembangmu kmas....
Rinasa mrada ing sakujur nala
Angambar amrik rupa jenar
Ngancani wengi wengi ku
Wirama kang mangayut ayut
rumesep ing  madyaning kalbu
Angenku njur ngawiyat sundhul lintang
Bebarengan Ngronce esem
senajan ta ya mung samar ing panjangka

Langgam kangenmu wis daktampa
Minangka sulih gedhene rasa kapang
Ya mung jroning ati iki sing ngerteni
Sesuk yen rahina nothog kori paturon
prasapamu isih dakanti kmas..,
maesi dina mecaki lelakon ku👀💕

Bunda Lestari Sahsa Malika
201018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar