Selasa, 10 Oktober 2017

ORA GAMPANG NGENDHALIAKE PIKIRAN

Pikiran iku angel cekel-cekelane, 
Jlentrehe pikiran iku kesit banget .
Amerga tumpang suh pengalaman sing wis tau di alami.
Mengkono ibarate wong kang tumuju mikir laku ing kabecikan,
ora gampang anggone
Nglakoni, marga keselak kepingin apa kang sinedya enggal keturutan.
 Nanging pangudi lan ngagas mring kabecikan yen temen- temen atindakake mesthi kecandhake uger manteb panyuwunane marang Gusti Ingkang Maha Agung.
Manteb kuwi dununge ana kapribadene dewe manut rasa kang dirasakake manut kahanane kang dilakoni.

Sedaya pitutur luhur ing agama menapa kemawon punika sejatine sawijining tuntunan tumrap manungsa bisane tekan ing urip kang sejati lan ingkang luhur.
Mula yen wis nindakake becik nindakake kanthi temen. 

Wong kang ahli budi utawa  kulina ngeningke cipta  kang resik utawa becik ing wayah esuk, bengi , lan sewayah-wayah
Enggala suwe dadi watak kang bisa mbabar kahanan tentrem.
Yen kasinungan banda donya akeh, aja dumeh sugih banjur lali karo bibit sakawite,
Aja nganti lali karo purwa duksina kareben ora ilang sifate marang pakarti kang utama.

Nindakake samubarang apa wae becik katindakake kanthi temen, setiti, ngati-ati, murih bisa slamet diri pribadi lan sak keluargane nganti sumrabah ing bebrayan agung.
Mengkono uga nenandur wiji kautaman, kudu lelatih tanpa bosen.
Aja ngenes yen lagi ketaman ing kasengsaran, nanging ya aja kerem lan kalimput kabungahan yen pinuju kataman ing kasenengan.

Ana  paribasan segara wae bisa surut,
Kali bisa asat, kodrate manungsa iku bisa ketaman bungah susah.
Mula aja nglokro yen lagi nandhang apes utawa rekasa,
Lan aja  mabuk yen kasinungan semat kalawan drajat.
kabeh iku ora langgeng.
Supayae bisa ngemperi salah sijineng sifating Gusti. Sabisa-bisa ngangkah marang kasucian, nanging ora sedya golek kamisuwuran. Bisane gambuh utawa jumbuh karo kahanan iku. Yen wis bisa pada pada marang kahanan kang di jumbahake. Supayane bisa manunggal ing Gustine yen kito dueni sifat kang ngemperi sifate Gusti.

Sawijining wong kang duweni ngelmu kang luhur, nanging ora di praktekakeana ing bebrayan kadidene pasugutan mirasa nlan mupangati,nnanging ora di darmakake.  Yen sira lagi nandang mlarat ing banda donya, ojo gresula lan ojo dumeh mlarat rumangsa asor uripira, awit kamulyan lan kaluhuran tumraping wong ja wa ora mesthi  dhumunung ana ing bandha donyane. 

Gusti Allah iku Maha Murah Maha Welas Maha Asih, mula yen nyata percaya lan bekti ing Gusti Pangeran, mesthine ora bakal nyenyuwun marang sak liyane Gusti Allah, Aja mupus lan ojo klokro utawa pepes atinira yen sira karepake, balik ngudiya terus kanti temen-temening ati manteb kantihi panyuwunan kang mantheng kunjuk marang Gusti Ingkang maha Aguaja 

Yensira ora arep wohing racun, aja sira nandur winih racun, mengkono uga yen sira ora pengen nandang karibetan, aja nandur dadakan kang jalari karibetaning pikir lan ati. Wong kang nandur kabecikan wae terkadang nampane ala, bebasan kaya nandur pari tukule suket teki. Kang mengkono aja nganti njalari kemba males gagas sarto nyuda anggonira nenandur barang kang sarwa becik kalawan kang utama. Awit nyebar wohing kabecikan iku tembe burine bakal pane4n kabecikan kui mau.

Sanajan nandur kabecian di wales piala, iku ora bisa diarani tukule penggawe becik, nanging sawijining goda kalawan coba supaya anggenira nenandur kabecian kui mau samsya manteb lan santosa.
Manunggaling Kawula Kalawan Gusti iku sejatine dudu gegawean kang permati tumrap kamulyaning urip. Kang perlu, kui nindaake pakarti kaya parintahe Gusti.


Kang diarani tapa krame yoiku. Urip kang ana sak tengahing goda rencanananging tetep makarti utama, sapa wae kang bisa klakoni ora bakal melu ombyake kahanan kang kesasar kalawan kesusur. Sak bejo-bejane wong kang lali nganti melu kintir penggawe sasar, isih pejo kang panggah eling kalawan waspada. Tetep ing penggawe kang becik.

Banda donya kang oleh saka penggawean kang kesasar, ora bakal bisa gawe tentreming ati rina kalawan wengine. Yen sira pinuju kasinungan drajat pangkat, oa lali lan aja dumeh wes due drajat-pangkat duwur banjur mendem marang pakurmatan sebap kabeh mau ora ana kang langgeng ing ngalam donya iki.

Di gawe pengeling-iling, sapi mati, ninggal daging kang bisa di pangan manungsa, balung bisa kanggo rabuk, sungu bisa kanggo suri, wlulang bisa kanggo trumpah lan sak panunggalane. Balik manungsa yen mati oraninggal tilas, apa ora melas kedadeane?........


Manungsa mati sabisa bisa budidaya ninggalano piwulang luhur jeneng kang becik supaya bisa di tiru kalawan kabeh cedak turune. Sira di pada tresna marang Pangeran sesembahan nira klawan gumolonging atinira tuwin gumulonging nyawanira, apa dene gumolonging budinira.

Ala banget pakarti manungsa kang due watak geleme  adedepepel manawa pinuju kabutuhan. Nanging bareng wes kasil, banjur lali tur gumede. Laku andap asor iku wiwitane mikuleh antue sih, wekasane kang bisa njunjung ing drajat pangkat, lan bisa makoleh kang pinundi-pundi.

SUMBER : PITUTUR LUHUR


Tidak ada komentar:

Posting Komentar