Jumat, 19 Mei 2017

NGENANI RASA GETHING / BENCI << BUNDA SAHSA

NGENANI RASA  GETHING / BENCI << BUNDA SAHSA


catatan kecil...

Temans....
pernahkah pnjngn merasa *tidak nyaman
di sebuah situasi tertentu karena tiba-tiba teman kita yang biasa gatekan,grapyak,apikan, guyune renyah,eseme muanis...
ujug-ujug kaya patung ora ana swarane blas yen ketemu ngguyune kaya kapeksa ngono kae..
hee.....nate nggih?
.
saya berpikir,
pasti ada hal yang membuatnya kecewa,entah apa?
aku ya mung mbatin,moh aruh-aruh mundhak diarani kepo.
diam memang sebuah solusi agar kebencian terhadap sesuatu terkendali.
tidak memperkeruh keadaan.
tidak menyakiti siapapun karena mampu menyimpan sendiri dlm hatinya dan lidahnya pandai kerjasama untuk selalu diam.
tapi bagi orang sekitarnya sikap diam yang tiba-tiba ini menjadi pertanyaan.
ada apa..?
kok sikapnya berubah?
benci terhadap siapa ya?
tapi buat apa menyimpan benci?
dan apakah dengan rasa benci itu bisa mengubah sikap orang yg kita benci menjadi seperti yg kita inginkan...
hooo....angel ta ya yaaa
umpamane ngene siaku senengane rawon njur ditawani karo wong sing senengane pizza tiwas pegel ta ora ngarah dimaem.(pizza iki panganan apa..hee)
pancen rawon kanggone sing seneng minangka dhaharan sing sekeca sanget,ning kanggone sing ora seneng dapak diicip mambu wae unger-ungeren je.
semono uga sewalike sing seneng lodheh terong,SAMBEL PENYET,LSP .
dadi padha tujuwane kanggo menu makan,,ning ora kabeh wong kesenengane padha.
lha terus yen wis kasil nggethingi karo wong sing ora padha senengane oleh-olehane apa?
sing mesthi ya pedhot kekancan,sirah ngelu,elek tuwek..hee kakehan nyapruts..
******
jadiiiiiiiii..dengan rasa benci itu tidak bisa mengubah apapun.
dan yang penting
Benci itu tidak PENTING
hanya membuat hati capek, hati kotor,kepala nyut-nyut,muka jelek,nyaprut...
****
kabeh wong ya nate salah,ning salah ngenani apa dhisik,
apa yen ora manut ora ndhukung karepe njur di anggep salah.
coba aja fokus marang kesalahane sing siji kuwi.
eling-eling keapikane liyane.
mosok ora duwe apik blas.
kuwi kaya unen-unen
selembar kertas putih kena mangsi sakdlemok,sedina bleng uring-uringan ngresike mangsi mau,
mesthine bisa nulis ing walike utawa sing ora kena mangsi.
(yen gelem mikir sih..)
akeh-akehe nesune sing didhisikake ora kok ndang gage rampung pakaryane.
.
ing donya iki saben wong duweni karakter sing beda,ora bisa di gebyah uyah.
mulane kanggo wong sing gelem mikir bisaa perbedaan kuwi njalari rukun.
bisa saling pangerten memahami antarane liyane.
aja rumangsa pinter dhewe njur maido,rumangsa hebat ,rumangsa yess.....
kuwi ora apik...
contone harmoni kang endah kae..
karipta saka alat musik sing beda-beda engga bisa kapiarsa endah banget.
.
yen kita tansah gething marang wong sing kita anggep ora sakpanemu,ora sapemikiran,ora padha karepe,ora anut omonge,ora ndhukung idhene,
lha terus piye...?
rugi nu ..
urip mung dikebaki musuh,kabeh wong di anggep musuh merga ora manut karo karepe..hadewww
**karodene wong sing digethingi kuwi ora mesthi salah,ora mesthi ala, ya mung katutupan gedhene rasa mangkel lan gething kuwi apike ora katon.
.
tulisanku ora kanggo nyentil sapa-sapa lho ya
ora usah GR..heee
kanggo awakku dhewe sing kadhang durung bisa ngendhalikne obahe lathi.
isih gampang nesu,
isih gampang bete,
isih gampang maido
muga wae tansaya dina kula saged berubah lan bertumbuh ing kesaenan ..
aamiin...yra





Tidak ada komentar:

Posting Komentar