Sasuwene iki mbokmenawa aku durung bisa mangerteni
kepiye yen ujug-ujug nemoni dalan rumpil lan kebak sandhungan?
Ya, kita (pnjngan lan kula )
sami mangerteni kanthi cetha
masalah apa kang wis kita alami...
rubeda lan reridhu apa wae sing nate kita prangguli.
nganti bisa anjalari urip kaya kitiran
mubeng muser ora ngerti wayah,
apa maneh nandhang lara ati
merga saka pengkhiyanatan embuh saka pasangan dhewe utawa kanca ...
mesthi ora bisa nggambarake
Ngampah sakehing tatu ing saben mlebu metune napas.
ing wektu iki
Aku pancen durung pantes duweni ati sing bisa dadi kaca panutan.
dudu kapasitasku nuturi lan ngandhani sapa wae.
kanggoku yen aku nulis ngenani
.
*kata mutiara
*motivasi diri
*sangu leladi
iku ya mung kanggo nuturi awakku dhewe.
ning pengin takjejer ing dinding sosmed...
sapa ngerti ana kanca sing kersa maca lan ana manfaate.
aku ngerti yen kabeh wong iku bisa berubah lan dadi pribadhi sing luwih apik lan wicaksana.
amerga wis kasil nglewati sakehing permasalahan jroning uripe.
.
nalika kangelan ngudhari ribet ruwet ing panguripan
rumangsa kasiya-siya lan sengsara.
ya..mbokmenawa saka maca-maca tulisan sing kebak pitutur l/motivasi kanthi reroncen ukara sing endah dadia panglipur ati bisa nggugah semangate bangkit lan ora kedlarung ing kesedhihan.
kula lan pnjngan muga bisa dadi pribadhi tangguh lan mandiri.
urip iki pindha ana ing jroning alas gung liwang-liwang kebak eri lan maneka rintangan.
yen kita gampang nglokro endi bisa uwal saka keruwetan urip.
perjuwangan lan semangat tansah diudi kareben tetep bisa kuwat.
ya ing kene iki mental lan karakter kita bakal teruji.
nalika sikil jumangkah ing dalan kebak krikil,tatu lan perih wis ora bisa den endhani.
munggah mudhun ing dalan rumpil menggak-menggok anjalari kojrat lan sambat.
rinasa urip kebak kasangsaran lan kijenan.
adoh lor adoh kidul,kanca ngilang ing saben enggokan.
ya....iki sing jenenge epesode urip sing kudu dilakoni.
nanging kabeh kuwi sejatine guru sing ngajari kita dadi pribadhi tangguh..
muga wae kula lan penjnegan bisa dadi manungsa kang tangguh luar biasa.
pribadhi tangguh iku dudu sing ora nate nangis nalika nandhang coba
nangis iku ora mujudake kelemahan.
lumrah sapa wae dikeparengake nangis.
mbokmenawa saben tetesing luh iku bisa ngenthengake sanggan jroning dhadha ..ora apa-apa aja dibendhung,nangisa...ora usah isin kuwi jeneng manusiawi.
ning.. aja suwe-suwe, enggal diusapi luhe njur mesema ...
kae lho...
srengengene kencar-kencar
andum cahyane kanthi sumringah
pindha manah ingkang kebak semangat....
**sugeng enjing bapak/ibu
mugi tansah sehat lan bahagia.
Post:
040517
Tidak ada komentar:
Posting Komentar