TEPA SLIRA
Tepa-slira iku duweni teges nepakake utawa mapanake awake dhewe dadi wong liya sing lagi nemahi panandhang.
contone:
★
Nalika ngerti ana wong tuwa sing lagi bingungi coba tepakna awak dhewe dadi wong tuwa kang lagi bingung mau...
(aja gampang maido )
★
Yen lagi ngendikan mring putra coba tepakne dadi putra sing lagi mbeling-belinge..
(mesthi lak kelingan biyen pas isih cilik kae..mbelinge padha ta hee)
★
nalika lagi ngadhepi kanca sing crewet,kepo,rese coba mikir piye ya umpama awake dhewe kaya kanca iku...heee
(supaya bisa mangerteni apa sing dikarepake)
★
Yen arep matur karo bos utawa karo sapa wae... coba atine ditata lan bisa nepakake kaya-kaya dadi dheweke banjur upayanen apa sing bisa kok rungokake lan apa kang dikarepake.
**
Kabeh mau bisa mujudake edining sesrawungan kang luhur kanthi tepa slira.
6 Januari 2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar