Sabtu, 11 Februari 2017

GURIT SEPI

GURIT SEPI
.
wis dakngerteni
apa kang ginurit
nalikane kembang tebu
mekar ing wanci sore
kekesing ati tansaya ndadi
ya mung kinekep sepi
marang nawala sing wingi
kebak janji suci
daktakokake pawartamu
sing mbiyen tanpa leren
ngudang endahe lintang
embuh saiki ana endi?
ing sepine wanci
dakgurit jenengmu jroning ati
senajan panjenengan saiki wis lali
sing daksuwun
mugi Gusti paring karahayon
.
**grimis wengi
jan 2017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar