ESUK IKI MENDHUNG ING LANGIT ATI
.
ngger anakku sing bagus dhewe
wiwit pletheke srengenge esuk
ora leren luh iki kutah saka langit ati
Engga sunare kalingan mendhung lan grimis klawu
ibu..kelingan
mbiyen kowe sing tansah dakkudang
dadia lintang sing tansah sumunar
dakemban kebak tresna
dakdhekep jroning dhada
sasat ora leren nyuntak gedhene tresna
nelika kowe lara le..
ibu sing pisanan gupuh nyangga laramu
nalika kowe nangis ..
ibu sing pisanan ngusap luhmu
sangang sasi kowe ana kandhutan
nyawiji ing jiwa lan raga iki
lan kowe ngerti le...
iba bungahing ati nganti-anti tekamu ing alam donya iki
senajan kudu nyawa sing dadi pituwase
ora perduli yen ibu sing sulaya
daya-daya kowe kudu enggal ngerti endahe donya
rolikur taun kapungkur
siki kowe wis gedhe
gagah bagus ing rupa
wis sekolah dhuwur
saiki wis ora perlu ibu nuntun lakumu
ora butuh maneh ibu sing ndulang yen luwe
ora perlu maneh ibu ngajari kenal ukara
kowe saiki adoh papanmu saka kulawarga
lan uga wis bisa ngudhari sakehing ruwet karuwetan urip ing kutha
adoh saka panyaruwe lan pituture wong tuwa
yagene...
penganggepmu saiki dadi beda
tresna lan perhatian sing daksuntak dadi undhere prakara
manjila jeruji wesi sing ngurung kebebasanmu
Nasihat lan pitutur mung kaya angin sing semilir
ibu...pancen dudu wong pinter
sing luwes nampa sakabehing polah tingkah lan perubahan wektu
.
ibu sing luput
lali yen kowe saiki dudu bocah cilik sing nggondheli tangan wedi yen daktinggal
mangertiya le...
swaramu sing wingi ngluwihi gemuruhe thathit
anjalari atine ibu ajur mumur
gemrajake udan lan luh nelesi bantala
apa iki oleh-olehe anggonmu sekolah dhuwur
ibu..ora pengin sulih apa-apa
nalika kowe bahahia ibu siji-sijine wong sing luwih bahagia
uga sewalike yen kowe sedhih ibu sing luwih saka sedhih
sing taksuwun rina wengi
muga kowe dadia wong pinter lan ngerti
mung siji sing mesthi le..
ing jroning ati iki...
tresna ibu tansah ngrembaka
engga mbesuk titi wanci sowan ngarsa Gusti
tansah mili kanggo kowe anak lanang sing daktresnani ..
.
**nggurit saka anggit kang siningit ngampah ilining banyu saka langit ati..
13 Februari pukul 4:36
Tidak ada komentar:
Posting Komentar