TRITIS SORE
"SATRU"
Sore iki aku lagi wae bukak toko ana tanggaku si A tumbas lan uga merlukake curhat .
crita yen lagi *perang dingin karo si B ,dhekne ya ora Paham kenapa si B ujug-ujug meneng,yen diajak omong nek mangsuli mung sak crit,ketara yen atine ora seneng lan jare blas ora kaya biyasane,saben ketemu sledhot mlengos ora ketok sumeh.
nganti si A,lenger-lenger ora isa mikir kenapa kok di satru tanpa ngerti perkarane.
takwangsuli...
*eing-eling ta lek , pean tau omong apa ,nek menawa ora njarag nate nyinggung piyambake ...
**prasaku kok ya ora i bu les,paling ana wong adu-adu,tumbak cucukan ,seneng madul sing ora-ora ngenani aku ,lha aku iki warung sing teka lan tuku akeh,ya ora eling aku omong apa?
*ya wis ora usah dawa-dawa pikirane,atine dileremake
mundhak ganggu pean mergawe
sing penting dodolan pean lancar bendina isa nempur lek,,,sing sabar pancen wong akeh ya rena-rena karaktere
(uups..kedhuwuren omonganku)
maksudku klakuane lek...
**ya bu les,aku nek pethuk ya ndlomor isih takon wae..
ra disauri ndah,aku ra isa turu nek duwe satru
*ya apik ngono lek,aja sungkan aja gengsian..nggo apa gengsi ra kenek di liwet ..hee
wong urip iku sing penting rukun karo tangga teparo..aja nuruti gengsi,takoki terus suwe-suwe lak ya lileh
**nggih suwun bu les..aku malah curhat iki ,merga aku seneng curhat karo bu les iki wonge ora ngewer,sak ngertiku apikan ra tau nonggo dadi ya aman atiku ya lega..heee
**saged mawon pean lek..heee
lha ya pean dhewe lan wong akeh sing ndhapuk aku lungguh ana ngareb,mosok ngember,ya kudu isa menehi conto lek, kudu isa di percaya,lambene kudu ana taline ora gampang udhar.. hee
(tanggaku mantuk karo mesem,sajake atine lega wis kasil curhat,ngesok uneg-unege)
# cuthel
============================
nganti tulisan iki takshare tanggaku iki isih kebak pitakonan ora ngerti salahe apa tapi kok disatru.
*
SATRU
Tegese memungsuhan batin,tukaran ora nganggo sarana fisik lan sora perlu swara banter,
tukaran ning meneng-menengan,
wegah omong karo sing nyebabake ati gela.
yen bocah cilik umpama tukaran cepet lileh enggal rukun kaya ora ana kedadeyan apa-apa.
nanging yen wong tuwa nek tukaran iku suwe wawuhe ?
malah wegah apik lan ora pengin ndandani hubungan bali kaya padatan.
kepara wis kepati-pati moh catuk lawung moh urusan maneh karo mungsuhe..blahen wis malah satru selawase.
wong tuwa pancen beda karo bocah cilik,
yen wong tuwa bisa gegeran terus saklawase,bisa pitung turunan sak anak cindhile melu satru.
malah ana sing paten patenan.
*
yen gelem sinau saka bocah bocah cilik saktenane wong tuwa bisa ngaca..,senajan gelut gubrah getih antem-anteman, keplak-keplakan,jambakan,ning yen tatune iku garing larane uga ilang,sesuke wis rukun maneh dolanan bareng kaya ora ana kedadeyan apa-apa.
mendahneya ya wong tuwa iku bisa nduwe pemikiran ngono mesthi ora ana SATRU.
merga apa wong tuwa kok suwe lilehe?
merga wong tuwa iku egone gedhe, gengsine dhuwur, rumangsa sugih kuwat terhormat..
dadi ya angel ngakoni salah senajan wis terang terangan salah...apa maneh nyuwun sepura
nggih napa nggih..heee
**grenengan sore nalika udan grimis ing ndesaku.
sugeng sonten katur panjenengan
bapak bunda...
mugi rena ing penggalih.
mangga ingkang kagungan satru enggal wawuh..heee
Tidak ada komentar:
Posting Komentar