Ana kanca takon
"Bu les ,kok seneng men nulis,apa ora kesel drijine,""?
Pitakon sing perlu takjawab ing kene
Kareben sapa wae sing sempat maca lan dadi kontak ing WHATSAPP kula paham !!!!
Ngene ya...
Ngenani senenganku nulis pancen wus dadi hobby
Dadi nulis iku pancen nyenengake ati
Bisa nyuntak gagasan idhe lan umeg uneg ati
Sing ngganjel bisa udhar lumantar tulisan.
Rerasan batin mau kadhang bisa kawetu
Lan ing kalane uga mung kandheg ing batin.
Merga apa...?
Ana sabagiyan pemaos 👀👀 senenge mung kepo
Pengin ngerti thok njur mengkone digawe bahan gosip
Iki akeh kedadeyan ing jagad srawungan .
Lan ana kanca sing pancen seneng marang tulisanku
Panjenengane ngaku dhewe yen tulisnku bisa nuwuhqke inspirasi ing atine.
Lah....iki sing nuwuhake semangatku berkarya
Maturnuwun..nggih 💕😎
Kanggo ku
Nulis iku ora ana batasan umur lan wektu
Yen lagi mood bisa nulis sedina pirang pirang judhul
ning yen lagi kelangan mood ...
blas ra kudu nyandhak hp🤣🤣lan nulis
Wis ngono wae
Maturnuwun ingkang remen
Dene sing mung 👀👀nggih Maturnuwun 🤪🤪👌
Nulis ora nganggo kesel drijine
Kendhalqne mung mood lan signal
Yen pengin kaya aku sing seneng nulis
Ya nulisa lho..
Ora usah heboh komentar iki kae...!!???
Bunda Lestari Sahsa Malika
130818
Tidak ada komentar:
Posting Komentar