Rabu, 29 Agustus 2018

URIP ING PADESAN

Handulu bagaskara ing pategalan
katon resep ing kedhep netra
Rina meh wae purna anuju sandikala
Rupa jambon manda jingga
Angin silir-silir tanpa leren

Bocah playon ing dalan lan galengan
Ngundang angin gedhe
Ngumbulake layangan gambar kupu
Pepayon langit biru asesolak mega
Bocah angon kekidungan lir-ilir
nuwuhake katentreman ati

Mring urip prasaja ing padesan
Esem-esem sumeh lan semanak
Joning sapa aruh sadawane dalan
Wiwit pojok kidul nganti lurung cedhak kali
Kabeh isih asring gojek jejagongan
Tanpa winates pager dhuwur
Tanpa winates sugih lan miskin
Sisih etan gupuh ing sekitare melu sengkut
Sisih kulon gerah ngelu ing pinggire gumregah
Suwasana guyub grapyak isih dadi tradhisi
Iki kang dumadi ana ing ndesaku...💕👍

Bunda Lestari Sahsa Malika
290818

Tidak ada komentar:

Posting Komentar