Kamis, 16 Agustus 2018

ORA PARENG MERI

Seneng iku mapane ana ati
Sapa wae ora dikeparengake meri
Merga pengerten lan maknani kebahagiaan
Antara kula lan panjenengan mesthi beda

Yen kula sqged tangi turu njranthal
Ora nganggo ngelu utawa linu
Senengku wis ora kaprah
Anak lan bojo sehat
Rejeki cukup
Alhamdulillah...

Ora kathik nganggo rewel iki kae
Apa maneh yen bisa rengeng rengeng
Nglipur manah latihan mbowo gendhing jawa
Jian....adhem ayem lir sinempyok tirta madu
Beja kemayangan tak pek dhewe 🤪🤪
Maturnuwun GUSTI💕

Bunda Lestari Sahsa Malika
160818

Tidak ada komentar:

Posting Komentar