Semilir angin anelah sepi
Deleg-deleg kijenan ing pereng rasa
Ngudari reribeting nala
Swaraning ati dumeling
Kelingan panjenengan ing paran
Yagene saiki tanpa warta?
Kidung kangen sing dakronce
Amung dadi panglipur ati cuwa
Kaya lintang panjer rina
Ing kene isih dakantu tekamu
Tanpa ngerti wayah
Manter ing punjering sukma
esemmu kang ngujiwat
Tansah Dremejeg ing larikan idep
Prasasat cahya semburat ing langit ati
Nuwuhake pepadhang ing jiwa
kang nandhang lara kapang
Embuh kapan bisa antuk tamba
Senajan mung bisa sapetemon ing impen
Daksuwun panjenengan bali kangmas
Iki isih daksimpen gelang alit mripat biru
Ana esemmu kang ngrerujit kalbu 💕
Bunda Lestari Sahsa Malika
290818
Tidak ada komentar:
Posting Komentar