Jumat, 31 Agustus 2018

GURIT KATUR SIMBAH

GURIT KATUR SIMBAH
.
Ing peteng lelimengane nala
dakjejegake pirang-pirang pang
kang sauntara dhoyong
mentiyung ing sadhengah arah
Kanggo prenjak-prenjak kang
sasuwene iki miber ngoyak impen
ing parak esuk iku minangka seksi
ing antarane kumandhange adzan subuh
dakronce donga
dakiring kanthi iklas
simbah sing daktresnani titiwanci sowan Ngarsaning Gusti...
.
ing lumebering telaga wening
lan ringkihing pengarep
dakranggeh kekendelan
ngenam sewu kapitayan
ing sela-sela pang palereman
kala-kala dakcritakake udan ngreceh wayah wengi
engga nelesi ari lan ati
lan panas sing kadhang sinunggi
aku mung pengin kandha...
aku wis sinau marang jembare segara
senajan kaya njlumati inten ing tumpukane kulit pari
ning aku iklas...
.
isih pengin takgurit
saka detake jantung iki.
Saka tetesing luh kang tulus
ing antarane donga pamuji
.
kidung wengiku durung rampung ning geneya panjengan wis ora kersa..?
mbokmemawa raga sepuh wis sayah...
Ing adhem lan sepining wengi
isih dakgegem sekabehing pitutur
kanggo mbacutake laku
minangka jimat mecaki lurung panguripan
sing nyimpen mayuta wadi sinandi
.
sugeng tindak mbhyut....
katresnan putra wayah tansah mili
uga donga -. donga pamuji
mugi mapan ing swarganig Gusti .
.
Aamiin yaa robbal alamin

Kangen mbahyut
KENANGAN ,270816

Tidak ada komentar:

Posting Komentar