Sabtu, 09 April 2016

SINAU MARANG KOREK JRES

ana tembung kang nggambarake # motivasi
kanggo sapa wae sing gelem ngresepi kanthi pikiran wening.
.
yaiku ngenani uwit sing mung siji ning bisa digawe pirang-pirang yuta korek api, nanging korek api mung siji ndhil bisa ngobong ewon kepara yutan wit-witan.
.
~ apa kang bisa kapethik ing ukara dhuwur iku?
.
~ Korek api duwe sirah nanging ora duwe pikiran mulane yen ana gesekan sethithik wae gampang murup mubal-mubal ngobong apa wae sing ana ing sandhinge.
.
sauntara iku
Manungsa duwe sirah komplit karo pikiran kang bisa kanggo mikir, duwe rasa kanggo ngrasakake lan iku mau kabeh sing bedakake karo titah liyane, mula wis samesthine bisa ngendhalekake pikirane oja nganti gampang kebrongot lan kobong amarga beda panemu amerga rumangsa disepelekake liyan.
.
ya muga wae kita bisa sinau saka kayu lan korek iku lan nglatih dhiri ngecakake sikep sing luwih diwasa lan wicaksana,
ora gampang kobong kang tundhane mung ngrusak ati lan pikiran uga ngrugekake awake dhewe...
.
# sugeng_dalu .
lsm/231015
23 Oktober 2015 pukul 14:40 ·

Tidak ada komentar:

Posting Komentar