Minggu, 17 April 2016
AYO NGGUYU....
Urip kuwi mung mampir ngguyu... ngguyu amarga ana sing lucu
yen ora ana sing lucu tapi kok ngguyu kuwi jenenge aneh tapi ya ora mokal, marga sing dianggep lucu wong siji durung mesthi lucu tumrap wong liya .
ngguyu kuwi werna-werna, nggeguyu awakke dhewe apa dene nggeguyu wong liya
bisa uga nggeguyu kahanan sing ngguyokke utawa kahanan sing tansaya edan ing jaman saiki .
ora mung nggeguyu utawa seneng ngguyu kekonyolane liyan.
kadhang kala dadi wong kudu siap yen digeguyu,
ana wong sing ngguyune dibatin merga isin
ana sing ngguyune mung lamis, mung basa-basi wae.
mung ana ing pasuryane ananging atine sedhih.
ana wong sing ora ngguyu, nanging mung mesam-mesem
ana wong sing ngguyu cekikikan, banjur cekakakan nganti kepingkel-pingkel, angel mandheg .
ananging ana wong sing ora bisa ngguyu blas senajan akeh wong padha ngguyu bareng merga banget lucune.
nyapruts wae padhahal ngguyu kuwi sehat mula becik yen bisa gawe wong liya ngguyu ning aja waaton ngguyu,
ngguyu kuwi kudu ngerti empan papan yen lagi mamah tetedhan sing arep diulu, aja ngguyu terus amarga isa keselak
lan yen bisa aja nganti ngguya-ngguyu dhewe turut dalan, mundhak dikira wong edan..heeee
.
urip kuwi mung mampir ngguyu.... ayo padha ngguyu,
lha wong ora mbayar mumpung ana kesempatan
mumpung ngguyu durung dadi barang haram
mumpung durung kiamat ...
.
lan miturut penelitian ,
obat sing paling ampuh kanggo lelara kuwi ati bungah # gembira
.
urip kuwi mung mampir ngguyu.... yen bisa ngguyu bareng karo Gusti, kuwi luwih prayoga
yen kita padha ngguyu kanthi iklas lan ora ana susah sing ngrenggani ati iki lak ya dadi keparenge Gusti ta.. ..?
ning dudu ngguyu amarga gumunggung, gumagus, rumangsa bisa lan kuwagang...
.
ayo ngguyu pinangka pangucap sokur, awakke dhewe tansah binerkahan urip kuwi mung mampir ngguyu..
.
**sugeng siyang
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar