para sesepuh tansah paring piweling,
muga-muga anak putune ingedohake saka cacading manungsa sing diarani gedhe rumangsa.
Aja dhemen gedhe rumangsa.
Merga rumangsa sing kegedhen ora bakal klebu ing apa wae.
Rumangsa sing kegedhen iku dadi sarwa sesak.
Dilebokake nalaring liyan uga, sesak, mula banjur tinulak.
Dilebokake atining liyan, ya sesak,
mula mbanjur digeguyu.
.
Kosok baline,
aja nganti rumangsane awake dhewe iki banjur dadi keciliken rasa pangrasa
Merga yen keciliken ya dadi sarwa logro/lodhok
Lire, pijer mbrojol meta-metu, ora klebu.
Manungsa dadi cilik aten, clingas-clingus, kaya bocah sing ilang wanine lan sirna anteping tekade.
.
.
.
12 Desember 2015 pukul 3:17
Tidak ada komentar:
Posting Komentar