Kamis, 14 April 2016

ESUK IKI

ESUK IKI
.
Esuk iki ana rasa anget
mrambati plataran ati
gegodhongan lan kembang
gilar-gilar keprada cahyaning pratangga
prenjak-prenjak padha gemuyu
angiringake ibere kupu-kupu
.
Dudu tekaning tamu
sing biyen nate dakantu
kang jare arep ngudhari ruwetku
kanthi nggawa esem kebak madu
anjalari impen ngawiyat ing langit biru
ning nyatane mung natah tatu
gegambaran cetha njarem ing tuguning wektu
.
esuk iki srengengene mesem
nuntun ati nyelehake panggresah
sinambi ngronce kembang melati
kang dadi panglipure ati.
.
**lsm,091215





Tidak ada komentar:

Posting Komentar