Dina iki ana apa ya?
rasane kok ora kaya padhatan
Wiwit esuk umun-umun wis kemput njumputi sakehing sangkrah kang mblasah ing sangarep lawang ati..
Senajan srengenge wis wiwit mesem ning rasane isih atis
rasaku ora jenjem
Peksi-peksi kekitrang nggawa warta saka Paran
Gumregah atiku
keplayu nglari warta sing dakrungu
Jangkahku mandheg jegreg
nalika nyawang semut gemrumut pirang -pirang
Uyel-uyelan pados papan edhum pangayoman
Bener kandhamu
yen ana ing tlatah kang durung nate tambuh ngene iki
kuduneTansah ngati -ati
mapanake obahe lathi dimen ora ndrawasi
apa maneh wong lugu sing bisane mung pah poh
Menenga ....
nyawang kiwa tengen
aja lirwa ing kawaspadan
jalaran saiki akeh ukara manis sing bisa njlomprongake
ing pranggahita samar
Semut semut isih nggremumut
ning sikilku wis keju aku bakale mbacutake laku
dakurupake damar alit kanggo colok
Senajan kelipe mung saktlenik
dak suwun Ngreksa wijiling rasa....
menep lan lerem
ora kebrongot nesu
wasis maknani kumlisiking pikir
muga dadi tetenger marang edining jati dhiri.
Lestari Sahsa Malika
021224
Tidak ada komentar:
Posting Komentar