Senin, 02 Desember 2024

NGUDI RESIKING ATI MENEPING JIWA

NGUDI RESIKING ATI MENEPING JIWA

wis ora ana wewadi maneh 
Yen saiki akeh wong sing gampang kepencut
marang tata lair
Sing pungkasane nemahi kuciwa
Mburu kaluhuran dhiri 
seneng nyikut Kiwa nyikut tengen 
Nyikut kancane dhewe
seneng nggedhekake prakara 
Kriwilan dadi grojogan 
Kudune bisa ngendhalikake nepsu 
Dimen ora mbebayani tumrap dhiri pribadhine
uga kanca-kancane

Pancen duweni ati jembar iku ora gampang
Jalaran kudu sregep ngresiki rereged jroning atine
Legawa nampa kanyatan
Kanthi semangat lan sumeleh ati
Mring lelakon kang dumadi
 
ngrungokake sesambate batin
mbokmenawa..
Kanthi mengkono bisa ngurangi kemrungsunge rasa kang mapan jroning jiwa

Awit pikiran sempyuh 
Iku bisa njalari
maneka lelara 
Apa sing ngguleng ati
Prayogane disuntak wae 
Ing rupa-rupa tulisan utawa wadul mring Gusti pangeran

Owah-owahaning kahanan
Nut gilir gumantine wektu 
Kedadeyan sing njalari ati Ora jenjem
Enggal dileremake
kabeh bakal
Ngundhuh wohing pakerti

Ati sing tinarbuka
marang owah-owahan apa wae
Mesthi bisa nampa kahanan
Kanthi iklas
Samubarang laku krasa entheng
ora gampang ngersula lan gedhe ing panggresah..


Ning ana sing luwih aji
Yaiku ngudi resiking jiwa
menep ing rasa...

Sejatine urip kuwi gampang
ning urip sing sejati iku ora gampang...

ora ana wong sing sarwa sampurna
Mula samubarang becike sing samadya 
Gusti bakal paring kabungahan mring titah sing sabar
narima 
Lan tekane kanugrahan iku tan kanyana ....

Aamin 🤲

Lestari Sahsa Malika
Denok ayu Lestari
301120

Tidak ada komentar:

Posting Komentar