Senin, 02 Desember 2024

ANTALOGI GURIT"ANTENG KITIRAN" LESTARI SAHSA MALIKA/ISBN/HAK CIPTA

[: 75.ANTENG KITIRAN

Mubeng muser polahe anteng kitiran
Ora ana sing ngerti wiwit kapan anggone ngginyer 
Ing sacedhake gedhung-gedhung 
Kebak pitakonan kuwi

Ana tangan kang sedhakep keju
Ing antarane sesorah tanpa wewarah 
Kemriyet swara sepedha amoh
Sing gir lan rujine ora patiya nayoh
Ngolahi kridhane raga
Ewo semono isih kuwawa ngoyak adrenge wicara manis

Lakumu ngethithir
Sajak ora maelu gemerahe angin banter ing sadalan-dalan

Dina-dina mung kagubel rasa kemrungsung
Kleleb ing ulengane ambisi
Sing tanpa tepi

Wusanane kalimput ing aji mumpung
Nuwuhake rerasan jeleh mboseni.
[17/9/2021 1.14 PM] Lestari Sahsa Malika: ANTENG KITIRAN

Esem pucet tan bisa kapaeka
Nalika sakehing pralampita tharik-tharik nyela ing panggrahita
Rinoncen maneka kembange rasa
Ana pesen sinandhi ing kaca panguripan
 
Daksawang kanthi permati
Ing pilingan kiwa tengen
Ora dakselaki ana tengara kang kudu daktampa
Rekma sing malih rupa
Mrapak tan bisa kasingitake ing ulengan wektu
 
Anteng kitiran obahe pikiran
Keplayu niba tangi nguber pepenginan
Kang ora nate tutug engga pungkasan

Pecak jangkah nipakake napas-napas panggresah
Kekendhangan angin kalungse
Kamangka lakune srengenge tansaya nyedhaki surup dalu
Njur apa sing kudu dakgawa bali?

Gegetunan nggedhekake sesambat jroning jiwa
Tansaya ringkih mung bisa sumendhe mring Gusti...
Muga ing langit sore kae
Isih daktemu papan palereman kanggo nyelehake lungkrah sayahing manah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar