Ati burus jiwa resik...
Kanthi rasa sumeleh lan pasrah
iku pindha pepadhang
Kang tangeh bisa mbleret
Sumunar ing endi papan.
dadi tuk sumbering inspirasi
kang tansah ngunggar semangat
Makarti ngarah gegayuhaning cipta.
.
balik asiling pakarti
Kang dhasare mung kasurung
dening watak meri srei lan jail
Anane mung ngidham pangelembana
Wekasane bobote ya sarwa ampang.
.
yen saingane wis klakon dikalahake
Swarane kaya ngrubuhake aldaka
sumbering pepadhang
pindhane obor blarak.
urube ngalad-alad
Kaya madhangi jagad
Nanging mung sakedhep netra.
Njur pepes dadi awu
Njalari pikire dadi peteng.
nyingkur sakehing bebener.
#SANGU_LELADI
Bunda Lestari Sahsa Malika
280718
Tidak ada komentar:
Posting Komentar